Khutbah Jumat Tentang Kemerdekaan PDF: Rayakan Kemerdekaan Dengan Aman dan Iman (Bahasa Jawa)

Ilustrasi Kemerdekaan RI
Ilustrasi Kemerdekaan RI

Amargi mboten sadayaning tiyang, utaminipun umat Islam, saged ngibadah kaliyan tenang amargi kawontenan lan kondisi lingkungan ingkang mboten aman. Kados ingkang kita mangertosi menawi salah setunggal misi utami diciptakanipun manungso inggih puniko kangge ngibadah dhateng allah swt.

 وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ

Bacaan Lainnya

Supados kualitas ibadah ingkang kita lampahaken saged maksimal, tamtu ketenangan lan keamanan lebeting ngibadah dados faktor paling wigatos. Kiyatipun keimanan kedah dipunsengkuyung kaliyan kondisi keamanan lingkungan, supados ibadah saged dipunlampahaken kaliyan khusyuk utawi tenang.

Lan alhamdulillah, tsummalhamdulillah, kita Bangsa Indonesia saged ngraosaken kondisi nagari ingkang aman, mila saged ngibadah kaliyan khusyuk lan tenang.

Kaliyan terus bersyukur lan ngrekso [ngrumat] kawontenan lan kondisi puniko, Insyaallah, Allah swt badhe mlebetaken kita dhateng lebeting tiyang-tiyang ingkang pinter bersyukur, lan nikmat puniko badhe terus dipuntambah dening Allah swt. Allah berfirman:

 وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكُمْ لَىِٕنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ وَلَىِٕنْ كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ

Jamaah jemuwah rahimakumullah,

Tantangan kangge mertahanaken kedamaian lan keamanan puniko tamtu mboten gampil. Langkung-langkung ing era perkembangan teknologi ingkang ndamel deresipun arus informasi. Selain manfaat kangge hal positif, kegampilan penyebaran informasi ing era digital, ugi rawan disalah-gunaaken kangge mengaruhi pemahaman masyarakat lebeting beragama lan berbangsa.

Saat puniko, mboten ngangge senjata lan kekiyatan fisik kangge nyerang lan nggerakaken tiyang. Nanging, cekap kaliyan propaganda lewat internet, utaminipun media sosial saged nebihaken masyarakat saking pola beragama lan bernegara ingkang sampun dados warisan poro pendiri bongso.

Pinten-pinten macem aliran lan paham keagamaan, usaha kangge ngerubah tatanan beragama lan berbangsa ingkang sampun cocok kangge bangsa indonesia puniko.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait