Materi Khutbah Jumat Menyentuh Hati PDF: Ikhtiar Mencari Keselamatan dengan Doa dan Sedekah (Bahasa Jawa)

ilustrasi sedekah
ilustrasi sedekah

   الحَمْدُ للهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ

أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: وَقَالَ رَبُّكُمُ ادْعُوْنِيْٓ اَسْتَجِبْ لَكُمْۗ اِنَّ الَّذِيْنَ يَسْتَكْبِرُوْنَ عَنْ عِبَادَتِيْ سَيَدْخُلُوْنَ جَهَنَّمَ دَاخِرِيْنَ 

Bacaan Lainnya

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah.

Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah swt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaake langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaake nikmat punika ing dalem kesahenan.

Mboten kesupen, manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet dados tiyang-tiyang ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala. Dawuhipun Allah ta’ala:

   وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ  

Artosipun, “Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal,” (Surat Al-Baqarah ayat 197).  

Para jamaah ingkang minulya

Sedaya manungsa mesti kepengin uripe tansah begja lan slamet ing dunya lan akhirat. Nalika urip ing dunya, pengin slamet saking penyakit, bencana, lan musibah. Nalika ten alam kubur, pengin slamet saking siksaning kubur. Lan benjang ten akhirat, sedaya mesti pengin slamet saking geni neraka.

Sedaya usaha bakal dilampahi, kersane angsal keslametan saking Gusti Allah Subhanahu wa ta’ala. Salah setunggale cara supados angsal keslamaten, inggih punika saget dilampahi kanthi wasilah dunga  dhumateng Allah Swt. Dhawuhipun Allah ing Al-Qur’an:

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait