Materi Khutbah Jumat Menyentuh Hati PDF: Ikhtiar Mencari Keselamatan dengan Doa dan Sedekah (Bahasa Jawa)

ilustrasi sedekah
ilustrasi sedekah

   وَقَالَ رَبُّكُمُ ادْعُوْنِيْٓ اَسْتَجِبْ لَكُمْۗ  

Artosipun, “Sampun dhawuh sapa Pengeran ira kabeh: padha nyuwuna sira kabeh ing Ingsun (Allah), Ingsun bakal nyembadani marang sira kabeh,” (Surat Ghafir ayat 60). 

Bacaan Lainnya

Pramila, sinten tiyang ingkang ngarep-arep keslametan ing dunya lan akhirat, sampun sak mestine padha nyuwuna dunga marang Gusti Allah Ta’ala. Sebab, namung Gusti Allah ingkang saget maringi keselamatan marang kita sedaya.

Wonten ing lajengipun ayat menika, ugi dipun terangaken bilih tiyang ingkang mboten purun ngibadah utawi nyuwun dunga marang Gusti Allah punika, kalebet tiyang ingkang sombong. Ingkang walesanipun saking Allah ta’ala kanggone tiyang ingkang sombong yaiku neraka jahanam.

Kanthi kita nyuwun dunga dhumateng Allah, ngetoake bilih kita sedaya menika kawulane Gusti, saha makhluk ingkang lemah, ingkang tansah butuh pitulungan saking Gusti.  

Dunga menika, ugi ibarate saget dados senjatane tiyang mukmin supados angsal pitulungane Gusti. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:

   الدُّعَاءُ سِلاَحُ الْمُؤْمِنِ، وَعِمَادُ الدِّينِ، وَنُورُ السَّمَاوَاتِ وَالأَرْضِ  

Artosipun: “Dunga iku dadi senjatane wong mukmin, cagake agama, lan dadi pepadhange langit lan bumi,” (Riwayat Imam Al-Hakim).

Nyuwun dunga menika saget diucapke kanthi basa Arab, Indonesia, Jawa, lan sanesipun. Bilih contoh dunga ingkang masyhur, ingkang saget kita waos, supaya kita angsal keslametan lan kesahenan ing dunya lan akhirat, kita saget dunga:

   رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ  

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait