Materi Khutbah Jumat Menyentuh Hati PDF: Ikhtiar Mencari Keselamatan dengan Doa dan Sedekah (Bahasa Jawa)

ilustrasi sedekah
ilustrasi sedekah

Artosipun, “Duh Gusti Allah, Pengeran kita, mugi Panjenengan maringi kita, kesahenan ing dunya lan akhirat, lan mugi Panjenengan ngreksa kita sedaya, saking siksa neraka,” (Surat Al-Baqarah ayat 201).

Para jamaah ingkang mugi-mugi dipun rahmati Allah Ingkang kaping kalih, wasilah utawi perantara supaya kita angsal keslametan inggih punika kelawan sedekah. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:

Bacaan Lainnya

   صَنَائِعُ الْمَعْرُوْفِ تَقِيْ مَصَارِعَ السُّوْءِ وَصَدَقَةُ السِّرِّ تُطْفِئُ غَضَبَ الرَّبِّ  

Artosipun, “Amalan-amalan ingkang becik bakal ngreksa kita saking perkara kang awon, lan sedekah kang dilakoni kanthi rahasia bakal ngreksa kita saking bendune Pengeran,” (Riwayat At-Thabarani).

Wonten ing hadits sanesipun Kanjeng Nabi ugi sampun paring dhawuh:

   حَصِّنُوْا أَمْوَالَكُمْ بِالزَّكَاةِ وَدَاوُوْا مَرْضَاكُمْ بِالصَّدَقَةِ

Artosipun, “Jaganen bandha sira kabeh kelawan zakat lan awehana obat marang wong-wong kang padha nandang lara kelawan (wasilah) sedekah.” (Riwayat At-Thabarani).

Hadits-hadits ingkang sampun dipun aturaken menika, maringi keterangan fadhilah utawi kautamaane sedekah. Bilih kanthi wasilah sedekah, antawisipun saget dados wasilah, ngudi kesarasan tumerape wong kang nandang gerah. Tentunipun, usaha kanthi cara medis tetep kita lampahi lan kita sartani kelawan dunga lan sedekah.

Sedekah menika ugi saget dados dalan keslametan kita, saking bendune Gusti lan siksa neraka. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:

   اِتَّقُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرَةٍ  

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait