Sumangga kita sareng-sareng nginggahaken iman lan taqwa dhateng Allah kaliyan njagi fitrah kita dados tiyang beriman ingkang tansah istiqomah lebet ketaatan dhateng Allah.
Solawat lan salam sumangga kita ngaturaken dhateng junjungan kita nabi ageng muhammad Salallahu alaihiwas salam mugi-mugi kita sami dipunsukakaken syafaatipun mangke. aamiin Allahhumma aamiin.
Wonten ing kesempatan dinten punika kita badhe nginggahaken setunggal irah-irahan khutbah inggih punika: BANDA NAMUNG TITIPAN
Jama’ah shalat jum’at ingkang dirahmati Allah,
Punapa-punapa ingkang sampun kita kempalaken lan kita dekek rupinipun banda benda donya namunga titipan Allah SWT, kita dipun lahiraken tanpa mbekta punapa-punapa, kita ugi badhe wangsul dhateng Allah tanpa mbekta punapa-punapa kejawi namung kain kafan.
Banda ingkang kita kempalaken, sedayanipun badhe dipuntangleti, bilih carane angsal banda punika halal mila badhe dihisab, nanging upaminipun carane angsal banda punika haram mila badhe ing adzab.
Rosulullah salAllahu alaihiwas salam bersabda:
لاَ تَزُولُ قَدَمَا عَبْدٍ يَوْمَ الْقِيَامَةِ حَتَّى يُسْأَلَ عَنْ أربع : عن عُمْرِهِ فِيمَا أَفْنَاهُ وَعَنْ عِلْمِهِ فِيمَا فَعَلَ وَعَنْ مَالِهِ مِنْ أَيْنَ اكْتَسَبَهُ وَفِيمَا أَنْفَقَهُ وَعَنْ جِسْمِهِ فِيمَا أَبْلاَهُ
Artosipun: “Kalih suku (sikil) setunggaling manungsa mboten badhe gerak (ing dinten kiamat) mila piyambakipun dipuntangleti bab umuripun, dhateng pundi dipuntelasaken, bab ilmunipun punapa ingkang sampun dipunlampahaken kaliyan ilmunipun, bab hartanipun saking pundi dipunangsal lan dhateng pundi dibelanjaaken lan bab badan badanipun kangge punapa dipunanggenipun. ” (HR at-Tirmizi)
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..