Dados umat Islam, kedahipun kita tansah nindakaken nilai-nilai ingkang dipunwucalaken lebet Islam lan nilaraken bab-bab ingkang betho madlarat kagem kita. Rasulullah bersabda:
مِنْ حُسْنِ إِسْلاَمِ الْمَرْءِ تَرْكُهُ مَا لاَ يَعْنِيهِ
Artosipun: “Ing watara keindahan Islam sijine wiyang yaiku ninggalake bab-bab kang ora manfaat.” (Riwayat Imam At-Tirmidzi)
Ing antawis bab-bab ingkang saged betho madharat inggih menika nyampuri urusan tiyang sanes tanpa dipunsuwun. Menawi kita remen nyampuri urusan tiyang sanes estu saged betho kathah dampak negatif, nggih kagem dhiri piyambak utawi tiyang ingkang dicampuri urusanipun.
Ing antawisipun inggih menika saged ngrisak sesambetan sosial amargi tiyang ingkang rumaos dicampuri urusanipun saged rumaos mboten nyaman, tersinggung, utawi nesu. Bab menika saged ngrisak sesambetan kekancan lan kekeluargaan.
Campur tangan ingkang mboten ing panggenanipun ugi saged micu kesalahpahaman utawi malah dados beban. Menapa malih bilih dipundereki kaliyan penilaian, prasangka awon, utawi kritik ingkang mboten dipunsuwun. Allah berfirman lebeting al-Qur’an serat al-Hujurat ayat 12:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اجْتَنِبُوْا كَثِيْرًا مِّنَ الظَّنِّۖ اِنَّ بَعْضَ الظَّنِّ اِثْمٌ وَّلَا ت تَجَسَّسُوْا وَلَا يَغْتَبْ بَّعْضُكُمْ بَعْضًاۗ اَيُحِبُّ اَحَدُكُمْ اَنْ يَّأْكُلَ لَحْمَ اَخِيْهِ مَيْتًا فَكَرِهْتُمُوْهُۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَۗ اِنَّ اللّٰهَ تَوَّابٌ رَّحِيْمٌ
Artosipun: “Wahai wong-wong kang beriman, adohi akeh prasangka! Sabenere sebagian prasangka iku dosa. Aja golek-golek kaluputan wong liya lan aja ana ing watara sira kang menggunjing seagian kang liya. Apa ana ing watara siro kang remen mangan daging sadulure kang wis mati? Tamtu siro ngrasa jijik. Takwaho marang Allah! Setuhune Allah maha nerima tobat lan maha penyayang,”
Ayat menika ngemutaken kita supados mboten madosi kelepatan tiyang sanes. Kita supados introspeksi dhiri lan fokus dandosi dhiri tinimbang menghakimi lan mencampuri urusan tiyang sanes.
Lebeting kitab Marah Labib, jilid ii, halaman 439, Syekh Nawawi Banten njlentrehaken menawi ayat menika njlentrehaken wigatosipun nebihi kathah prasangka awon lan ngemutaken kita kagem ngatos-atos kaliyan saben prasangka ingkang muncul lebeting panggalih.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..