Khutbah Jumat Bahasa Jawa PDF: Jangan Ikut Campur Urusan Orang Lain

ilustrasi ghibah
ilustrasi ghibah

Nyampuri urusan tiyang sanes ugi kelawan prasangka-prasangka sehingga muncul kepinginan kagem sumerep langkung jeru. Sikap menika lah ingkang lajeng saged ngrisak hubungan sosial lan dadosaken dosa.

Kita perlu rumaosi menawi saben tiyang kagungan urusan pribadi. Mencampuri urusan pribadi saged nglanggar ruang pribadi salah setunggaling tiyang lan ndamel piyambakipun rumaos mboten dipun-regani.

Bacaan Lainnya

Tiyang ingkang remen nyampuri urusan tiyang sanes ugi saged dipunwastani negatif amargi dipunanggep remen gosip, kepo, utawi mboten ngertos situasi lan kondisi. Sikap menika saged ndamel tiyang sanes nebihi marang piyambakipun.

Ma’asyiral muslimin jamaah shalat jemuwah rahimakumullah

Sikap ingkang identik kaliyan remen nderek campur urusan tiyang sanes inggih menika sikap remen pados kesalahan tiyang sanes.

Lebet tafsir jami’ul bayan, imam at-thabari njlentrehaken makna saking “wa laa tajassasu” ingkang artosipun “ojo golek-golek kelepatan wong liyan” inggih menika setunggaling larangan Allah ing tumindak saling mengintip lan madosi aib tiyang sanes. Tumindak menika termasuk dados dosa, amargi nuduhaken sikap mboten hormat lan mencampuri urusan pribadi ingkang mboten samestinipun.

Tembung “tajassas” lebeting al-Hujurat ayat 12 ugi kagungan makna tumindak pados informasi utawi kesalahan setunggaling tiyang, nggih kaliyan cara memata-matai, nyelidiki, utawi nguping kaliyan mendel-mendel. Tujuanipun kagem sumerep aib utawi kekirangan piyambakipun, supados saged dipunagem kagem ndhawahaken utawi ngandhapaken piyambakipun.

Imam al-ghazali nyebat menawi larangan tajassus menika kagungan tujuwan kagem ngurmati hak privasi saben individu. Saben tiyang berhak kagem njagi kerahasiaanipun, lan mboten kepareng dipunpeksa kagem mbikak menapa ingkang badhe dirahasiakan. Usaha madosi kesalahan tiyang sanes saged dados pemicu kesalahpahaman lan perselisihan.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait