Manfaatna Sisane Umur Sak Apik-apike – Download Khutbah Jumat Singkat Padat PDF Terbaru Bahasa Jawa

ILustrasi Sisa Umur
ILustrasi Sisa Umur

Hadits punika ndadosaken kathah tiyang remen nyuwun yuswa dangu. Sahingga sami yakin bilih salah satunggaling tandha tiyang ingkang paling sae punika yuswane dangu lan gesange kebak kaliyan amal kesaenan.

Sanajan mekaten, manawi tiyang yuswane dangu ananging amal becike namung sethithik, mila boten kalebet tiyang ingkang utama, malah kalebet tiyang ingkang rugi.

Bacaan Lainnya

Jamaah ingkang kinasih,

Nanging kedah kita mangertosi ugi, bilih boten sedaya tiyang ingkang ndedonga nyuwun yuswa dangu lajeng pinaringan.

Pramila badhe kita aturaken: kepripun nasibipun tiyang ingkang yuswane cekak? Punapa panjenenganipun boten kalebet tiyang ingkang sae?

Menawi mekaten, kita saged nyinau saking panjelasanipun Allamah Sayyid Abdullah bin Alawi al-Haddad wonten kitab Sabîlul Iddikâr wal I’tibâr bimâ Yamurru bil Insân wa Yanqadli Lahu minal A’mâr:

وَخَيْرُ الْعُمُرِ: بَرَكَتُهُ، وَالتَّوْفِيقُ فِيهِ لِلْأَعْمَالِ الصَّالِحَةِ، وَالْخَيْرَاتِ الْخَاصَّةِ وَالْعَامَّةِ

Artosipun: “Paling apik-apike umur yaiku umur sing diberkahi Gusti Allah Subhanahu Wa Ta’ala, sing diwenehi taufik kanggo nindakake amal sholeh lan kabecikan-kabecikan liyane, baik sing sifaté pribadi utawa kanggo umum.”

Hadirin Rahimakumullah,

Saking panjelasan punika saged dipun terangaken bilih yuswa ingkang paling sae punika ingkang dipun berkahi Allah. Mboten gumantung dawa cekake, nanging pira kathah amal shalih ingkang dipun tindakaken.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait