Saged kemawon wonten tiyang yuswane cekak, ananging amal kebecikane kathah sanget, mboten kalah kaliyan tiyang yuswane dangu. Tiyang kados makaten kalebet golongan ingkang paling sae, keranten saged ngginakaken wekdal cekake kangge ngelampahi kebecikan.
Contoh nyata saking Sayyid Abdullah al-Haddad inggih punika Imam Syafi’i, nama lengkapipun Abu Abdullah Muhammad ibn Idris Asy-Syafi’i. Panjenenganipun seda nalika yuswa 54 tahun. Sanajan yuswa boten dangu, ananging amalipun kathah sanget.
Panjenenganipun nyerat kitab-kitab agung kados Ar-Risalah (kitab ushul fiqh), Al-Umm, Ikhtilaf al-Hadits, lan Tafsir Imam Syafi’i. Wonten sumber ingkang nyebataken bilih panjenenganipun nyerat langkung saking 120 kitab, lan dados hafidz Qur’an nalika yuswa 7 tahun.
Contoh sanesipun inggih punika Imam Abu Hāmid Muhammad al-Ghazali, utawi Imam al-Ghazali. Panjenenganipun wafat nalika yuswa 55 tahun.
Panjenenganipun nglairaken kitab-kitab agung kados Ihya Ulumiddin, Jawahir Al-Qur’an, Al-Basith, Al-Wasith, Maqashid al-Falasifah, lan Al-Arba’in fi Ushuluddin. Wonten sumber ingkang nyebataken yèn karya panjenenganipun ngluwihi 200 kitab.
Jamaah Jum’atan ingkang kinurmatan,
Saking penjelasan lan tuladha Sayyid Abdullah al-Haddad punika, kita saged nyimpulaken bilih yuswa ingkang sae punika boten namung dawa, nanging yuswa ingkang dipun berkahi kaliyan kabecikan. Kathah tiyang shalih yuswane cekak, ananging amal shalihipun kathah sanget, langkung migunani tinimbang tiyang yuswane dangu.
Mila, yuswa ingkang sae punika kalebet:
Yuswa dangu dipun ginakaken kangge amal shalih.
Yuswa cekak ananging dipun isi kaliyan amal shalih kathah sanget.
Golongan ingkang kaping kalih kados Imam Syafi’i lan Imam al-Ghazali dipun sebat kawula ingkang kapilih lan pinaringan berkah. Amal kebecikane saged langkung kathah lan langkung migunani tinimbang tiyang ingkang yuswane dangu.
Jamaah Rahimakumullah,
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..