KHUTBAH PERTAMA
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ
أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍۙ، اٰخِذِيْنَ مَآ اٰتٰىهُمْ رَبُّهُمْ ۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا قَبْلَ ذٰلِكَ مُحْسِنِيْنَۗ (الذاريات: ١٦-١٧)
Ma’asyiral muslimin, para jamaah shalat Jumat ingkang kinurmatan,
Sumonggo kita sareng-sareng ngencengi niyat lan tekad, kanggé tansah nambah kualitas iman lan taqwa dhateng Allah SWT, kanthi nambah raos syukur saha sabar nalika nglampahi gesang wonten ing alam dunya punika.
Shalawat lan salam sumonggo tansah kita aturaken dhumateng junjungan kita, Nabi agung Muhammad Shallallahu ‘alaihi wasallam. Mugi ing dinten kang wus dipun janjekaken, kita sedaya pikantuk syafa’at saking Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Aamiin Allahumma Aamiin.
Wonten ing kesempatan ingkang penuh berkah punika, khutbah Jumat bade nyariyosaken tema: “Urip Ing Tiga Wekdal: Kolowingi, Sakniki, Lan Mbenjang.”
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Saben tiyang mesthi manggon wonten ing antawisipun tigang wekdal. Allah punika sak sae-saenipun paring wekdal, sak sae-saenipun paring bekal. Ing wekdal kepungkur, saben dinten kita dipun-paringi bekal ingkang sami, inggih punika 24 jam.
Nanging, sanadyan bekalipun sami, hasilipun boten sami. Wonten ingkang bathi, nanging ugi wonten ingkang rugi.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..