KHUTBAH I
اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين،
أَمَّا بَعْدُ: فَيَايُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم}، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَانِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ
Jamaah Shalat Jum’at Rahimakumullah
Sumangga kita sami ningkataken iman saha taqwa dhateng Gusti Allah, kanthi rasa ridha ing sak lebetipun manah nampi sedaya kersaning Allah Ta’ala, kalebet punapa mawon ingkang diparingaken dhateng kita.
Sholawat saha salam mugi tansah kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad Shalallahu ‘Alaihi Wasallam, saha kulawarga dalemipun, para sohabatipun, mugi kita sadaya pinaringan syafa’atipun wonten ing dinten kiyamat. Aamiin ya Rabbal ‘Alamiin.
Wonten ing siang punika, khatib badhe ngaturaken khutbah kanthi irah-irahan: “Masa Lalu lan Masa Depan.”
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah…
Sakmenika taksih kathah ing antawisipun kita ingkang rumiyin keraos sepi lan hambar nalika nglampahi gesang padintenan, sanadyan rejeki saking Allah tansah tumetes.
Kula lan panjenengan kadosipun gesang ing kamakmuran, ing bab lahir utawi batin. Nanging, ing sajroning manah, kadang kraos hampa. Ibadah kraos abot, ibadah kados boten ngremenaken.
Mugi Allah karsa mbukak tirai ingkang nyelimuti manah kita, supados boten ngeraos rugi nalika badhe nindakaken kabecikan. Pangangen-angen ingkang kliru menika saged dados tandha bilih ingkang mekaten sampun ngakar wonten ing sebagian umat akhir zaman.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..