Khutbah Jumat Singkat Awal atau Akhir Tahun: Masa Lalu dan Masa Depan (Bahasa Jawa)

Ilustrasi Masa Lalu dan Masa Depan
Ilustrasi Masa Lalu dan Masa Depan

Wonten kalih menika, kados angel ngowahi sudut pandang. Nanging, namung Allah ingkang Maha Asih lan Maha Welas asih ingkang saged ngicali mendhung ingkang ndadekake kita adoh saking kebenaran.

Manawi manah sampun nampi hidayah, mila kita badhe mangertos bilih kabagyan sejati punika boten wonten ing kemewahan donya. Katentreman sejati (sakinah) namung rawuh manawi gesang kita kaberkahan, cedhak kaliyan Gusti Allah, lan tansah anduweni rasa ajrih ngelampahi maksiat.

Bacaan Lainnya

Kangge sedaya tiyang ingkang taksih kraos kosong, sumonggo kita bebarengan mbeneraken dhiri. Arahaken pikiran, supados boten keseret sumunar duniawi. Lan monggo kita sering nderek utawi rawuh ing panguburan jenazah. Kelawan mekaten, kita tansah emut lan waspada sak wanci-wanci manawi kita tinimbalan dening Allah SWT.

Temtu kemawon, tiyang ingkang wuta saged langkung mulya saking kita. Keranetn piyambakipun selamet saking dosa mripat. Dene kita saben dinten ndeleng samubarang ingkang dilarang dening Allah.

Tiyang ingkang bisu ugi saged langkung selamet. Amargi selamet saking dosa gunem kados ghibah, nyela, lan ngina. Dene lisan kita saben dinten taksih remen ngucapaken perkawis ingkang boten prayoga.

Malah saged ugi, tiyang ingkang boten kagungan Hp Android langkung selamet. Keranten tulisan-tulisan ing medsos kadang dados wakilipun dosa-dosa lisan kita.

Hadirin Rahimakumullah,

Menawi kita nulis dosa kita sedinten-dinten, mesthi boten cekap namung 300 lembar. Nanging sanajan dosanipun kados mekaten katah, kita taksih saged sare nyenyak, tanpa ngrasa rugi, senadyan taun demi taun kita lampahi namung kangge nuruti hawa nafsu.

Mangertosa, yuswa kita punika kados es batu. Dipun-ginakaken bakal telas. Dipun-jarne mawon ugi telas. Dipun-ginakaken maksiat, ugi bakal telas.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait