Khutbah Jumat Tentang Siksa Tiang Ingkang Serakah (Thoma’) Tumrap Lahan (Bahasa Jawa)

Ilustrasi Mengambil Tanah Orang
Ilustrasi Mengambil Tanah Orang. Sumber foto: sesawi.net

KHUTBAH JUMAT I

اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين،

أَمَّا بَعْدُ: فَيَايُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم}، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَانِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ

Bacaan Lainnya

Sedaya puji kita aturaken dhumateng Allah, Pangeraning jagad raya. Mung dhumateng Panjenenganipun kita nyuwun pitulungan lan nyarrahaken sedaya urusan. Kita nyekseni bilih boten wonten Pangeran kajawi Allah, lan Nabi Muhammad punika utusanipun.

Shalawat saha salam mugi tansah kaestokake dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, kulawarga dalemipun, para sahabat, saha sedaya umat Islam ngantos dumugi dinten kiyamat.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Ing kesempatan khutbah ingkang mulya punika, kulo ngajak panjenengan sedaya kang sinuba rahmat Allah SWT, supados tansah ngudi nginggilaken iman saha taqwa dhumateng Gusti Allah SWT. Kita saged mbuktèkaken kanthi lampah: ngelampahi sedaya dhawuh Gusti lan nyingkiri sedaya laranganipun. Keranten kalih bekal punika ingkang saged nglantaraken kawilujengan kita wonten ing donya saha akhirat.

Ing khutbah menika, khatib badhe nyariyosaken bab tema ingkang wigatos, ingkang asring kadadosan wonten ing bebrayan kita, inggih punika: “Siksaipun Tiang Ingkang Serakah (Thoma’) Tumrap Lahan/Tanah.”

Kita asring nyumerapi wontenipun pertikaian antawisipun kulawarga, tangga teparo, malahan sedherek kandung, amargi rebutan lahan. Sanajan nyatane, bandha donya punika namung titipan, lan menika saged dados tanggungjawab ageng ing ngarsanipun Allah SWT.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait