Rasulullah ﷺ dhawuh:
عن عائشة رضي الله عنها عن النبي صلى الله عليه وسلم قال: مَنْ ظَلَم قِيدَ شِبْرٍ مِن الأرْضِ؛ طُوِّقَهُ مِن سَبْعِ أَرَضِين. [صحيح] – [متفق عليه]
“Sapa waé sing ngrebut lemah sanajan mung sak jengkal kanthi cara zalim, ing dina kiyamat bakal dikalungi lemah iku nganti pitu lapisan bumi.” (HR. Bukhari lan Muslim)
Jamaah Jumat ingkang kinurmatan,
Hadis punika dados peringatan ingkang kiyat kangge saben tiyang ingkang ngrebut tanah sanes kanthi cara zalim, kalebet nggeser tapal wates kanthi tanpa hak. Sanajan namung sak jengkal, Allah boten bakal ngelepas tiyang punika.
Thoma’ punika penyakiting manah ingkang mbebayani. Tiyang ingkang thoma’ dhateng tanah, biasanipun boten nate marem dhateng rejeki saking Gusti, piyambakipun kepéngin ngluwihi panguwasa, senadyan kanthi nglangkahi hak-ing liyan.
Gusti Allah ngendika wonten ing QS. At-Takatsur ayat 1–2:
أَلْهُكُمُ التَّكَاثُرُ (١)حَتّٰى زُرْتُمُ الْمَقَابِرَۗ (٢)
“Sira kabèh kasengsem marang akèh-akèhan bandha, nganti sira padha tumeka ing kuburan.”
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Tiyang ingkang serakah dhateng bandha, termasuk lahan/tanah, biasanipun kesasar ing pamer donya, lan lali bilih pati saged rawuh saben wekdal.
Monggo kita renungaken: pinten kathahipun sedherek ingkang satru/musuhan amargi rebutan tanah? Malah wonten ingkang purun nyuap, ndamel dokumen palsu, utawi sumpah palsu supados saged nguwasani tanah ingkang sanes hak-ipun.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..