Padahal, Rasulullah ﷺ dhawuh:
عَنْ عَبْدِ اللَّهِ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُ، قَالَ: قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: مَنْ حَلَفَ عَلَى يَمِينٍ، وَهُوَ فِيهَا فَاجِرٌ، لِيَقْتَطِعَ بِهَا مَالَ امْرِئٍ مُسْلِمٍ، لَقِيَ اللَّهَ وَهُوَ عَلَيْهِ غَضْبَانُ
“Sapa waé sing sumpah palsu kanggo njupuk bandha tiyang Muslim, bakal ketemu Allah nalika Allah lagi murka marang dheweke.” (HR. Bukhari lan Muslim)
Tanah ingkang dipunduweni kanthi cara zalim punika boten badhe paring berkah. Sanajan wonten ing donya dipun anggep bathi, nanging ing akhirat namung kerugian ingkang pinanggih.
Allah SWT ugi ngendika wonten QS. Asy-Syu’ara: 183:
وَلَا تَبْخَسُوا۟ ٱلنَّاسَ أَشْيَآءَهُمْ وَلَا تَعْثَوْا۟ فِى ٱلْأَرْضِ مُفْسِدِينَ
“Aja sira ngrusak hak-hak wong liyan, lan aja sira nglakoni karusakan ing bumi.”
Awit punika, kita dipun perintah supados ngajeni hak liyan, saha mboten damel rusake bumi, termasuk ngrebut tanah tiyang sanes.
Jamaah Jumat ingkang kinurmatan,
Sumangga kita introspeksi dhiri kita piyambak. Punapa tanah ingkang kita kagungan punika sampun leres hak kita? Menapa wonten tapal wates ingkang kita geser tanpa hak? Ampun ngantos kita kélangan akhirat amargi nyolong hak-ing tiyang sanes.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..