إِنَّ عِدَّةَ ٱلشُّهُورِ عِندَ ٱللَّهِ ٱثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِى كِتَٰبِ ٱللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلْأَرْضَ مِنْهَآ أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ
“Saktemene cacahe wulan wonten ngarsanipun Allah iku ana rolas wulan, kaya ketetapané Allah wektu nggawe langit lan bumi, saka rolas kuwi ana papat wulan suci (haram).” (QS. At-Taubah: 36)
Jama’ah Jum’at rahimakumullah,
Sekawan wulan suci inggih punika: Dzulqa’dah, Dzulhijjah, Muharram, lan Rajab. Wonten ing sasi-sasi punika, umat Islam dipunanjuraken supados ngelampahi kathah kabecikan lan nebihi dosa, amargi ganjaran dipun-tikelaken kaping pindho, lan dosa punika ugi dipun-tambah langkung abot hukumanipun.
Lajeng, punapa ta keutamaan lan amalan ing Wulan Muharram?
Wonten kathah keutamaan, antawisipun: kita dipunanjuraken ngelampahi pasa sunah, utaminipun tanggal 10 Muharram, ingkang biasa kita sebut dinten Asyura. Wonten ing hadis, Rasulullah ngendika:
عَنْ أَبي قَتَادَةَ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ: أَنَّ رَسُولَ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ سُئِلَ عَنْ صِيامِ يَوْمِ عَاشُوراءَ، فَقَالَ: يُكَفِّرُ السَّنَةَ المَاضِيَةَ. (رواه مسلم)
Saking Abu Qatadah ra., Rasulullah SAW naté dipunpitakoni bab pasa dinten Asyura, lajeng panjenenganipun ngendika: “Pasa dina Asyura bisa ngilangake dosa sak taun kepungkur.” (HR Muslim)
Jama’ah rahimakumullah,
Menika kalebet kasempatan emas kangge ngresiki dosa-dosa kita. Namung kanthi pasa sedinten, ing tanggal 10 Muharram, in syaa Allah dosa setunggal taun kapungkur bakal dingapura dening Allah SWT.
Kajawi punika, kita ugi disunnahaken pasa tanggal 9 Muharram (Tasu’a), kangge mbédakaken kaliyan kaum Yahudi ingkang pasa namung tanggal 10 kemawon.
Jama’ah rahimakumullah,
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..