Khutbah Jumat Awal Muharram PDF: Hijrah, Puasa, dan Ampunan di Muharram (Bahasa Jawa)

ilustrasi khutbah jumat
ilustrasi khutbah jumat

Kautamaan wulan Muharram punika boten namung wonten ing pasa kemawon, nanging dados wekdal kangge instrospeksi dhiri, mbangun niyat becik, lan miwiti taun Hijriyah kanthi semangat perubahan lan hijrah dhateng kabecikan. Allah SWT ngendika:

اِنَّ اللّٰهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوْمٍ حَتّٰى يُغَيِّرُوْا مَا ببِاَنْفُسِهِمْۗ

Bacaan Lainnya

“Setuhune Allah ora bakal ngowahi kahanané sawijining kaum, kajaba kaum kuwi dhéwé kang ngowahi kahanané. (QS. Ar-Ra’d: 11)

Jama’ah rahimakumullah,

Wekdal punika pas sanget kangge nambah kwalitas shalat kita, njaga lisan kita, ndandani hubungan kulawarga, saha nambah amal jariyah.

Ingkang perlu kita pahami saking wulan Muharram punika:

Muharram maringi pelajaran perjuangan lan keteguhan manah, kados ta crita Nabi Musa alaihissalam ingkang slamet saking Fir’aun wonten dinten Asyura.

Muharram maringi semangat hijrah, boten namung pindhah panggonan, nanging pindhah tumindak: saking males dados disiplin, saking maksiat dados taat.

Muharram maringi rasa kepedulian sosial, awit Rasulullah SAW nganjuraken maringi kabecikan dhumateng kulawarga wonten dinten Asyura.

Wonten hadis:

 مَنْ وَسَّعَ عَلَى عِيَالِهِ فِى يَوْمِ عَاشُوْرَاءَ وَسَّعَ اللهُ عَلَيْهِ السَّنَةَ كُلَّهَا 

“Wong kang ngakehake nafkah kanggo keluargane ing dina Asyura, Allah bakal ngakehake rejekine suwine setahun.” (HR. al-Baihaqi)

Tegesipun, punika wekdal ingkang pas kangge ngiyataken hubungan kulawarga, saling paring lan tulung-tinulung.

Jama’ah ingkang kinurmatan Allah,

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait