Wonten ing satunggaling hadits ingkang diriwayataken dening Imam Muslim saking Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu, Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam ngendika:
يَقُولُ ابْنُ آدَمَ: مَالِي مَالِي، وَهَلْ لَكَ يَا ابْنَ آدَمَ مِنْ مَالِكَ إِلَّا مَا أَكَلْتَ فَأَفْنَيْتَ، أَوْ لَبِسْتَ فَأَبْلَيْتَ، أَوْ تَصَدَّقْتَ فَأَمْضَيْتَ؟
Artosipun: “Anak Adam ngendika: Bondho-ku, Bondho-ku. Padahal, hei anak Adam, ora ana sing dadi duwemu saka Bondhone kuwi kejaba mung sing wis siro pangan banjur entek, utawa sing siro gawe banjur rusak, utawa sing siro sedekahake banjur dadi tabungan kanggo akhirat.” (HR. Muslim no. 2958)
Ma’asyiral muslimin,
Hadits meniko paring piwulang dhateng kito sedoyo, bilih saking kasunyatanipun namung wonten tigang jinis Bondho ingkang gadhah kito saestu, inggih punika:
1. Bondho ingkang dipun dahar, lajeng telas.
Daharan ingkang kito nikmati dados tenaga, lajeng sirna. Sawise punika boten dados kagungan kito malih.
2. Bondho ingkang dipun anggo, lajeng rusak utawi usang.
Pakaian, montor, griya, sedoyo ingkang kito anggo badhe rusak termakan waktu.
3. Bondho ingkang dipun sedekahaken, lajeng dados simpenan ing akhirat.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..