Meniko ingkang paling langgeng manfaatipun. Allah badhe nggentosi kanthi ganjaran ingkang kaping tikel ma tikel.
Allah Ta’ala ngendika:
مَثَلُ الَّذِينَ يُنْفِقُونَ أَمْوَالَهُمْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ كَمَثَلِ حَبَّةٍ أَنْبَتَتْ سَبْعَ سَنَابِلَ فِي كُلِّ سُنْبُلَةٍ مِائَةُ حَبَّةٍ ۗ وَاللَّهُ يُضَاعِفُ لِمَنْ يَشَاءُ
“Padha karo wong-wong kang nggunaake Bondhone kanggo dalane Allah, kuwi koyo wiji sing ngasilake pitung wiji; saben wiji ana satus wiji. Allah nglipatgandakake marang sapa wae kang dikersakake.” (QS. Al-Baqarah: 261)
Mila sampun kito kagodha dening urusan donya kemawon. Bondho ingkang kito kumpulake menawi namung ditimbun, tembe akhiripun badhe kito tinggal. Nanging Bondho ingkang kito lampahaken kangge sedekah, meniko ingkang badhe ngancani kito wonten ing alam kubur lan benjang wonten dinten kiamat.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Sumonggo kito sami nambahi syukur dhateng Allah ingkang sampun maringi nikmat ingkang katah. Ugi kito ngatahaken istighfar, nyuwun pangapunten dhateng Gusti Allah mugi dosa-dosa kito sami kaparingi pangapunten.
Sampun ngantos kito dados tiyang ingkang menyesal/getun ing akhirat amargi sanget tresna dhateng donya. Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam ngendika wonten ing hadits sanesipun:
يَتْبَعُ الْمَيِّتَ ثَلَاثَةٌ: أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَعَمَلُهُ، فَيَرْجِعُ اثْنَانِ وَيَبْقَى وَاحِدٌ؛ يَرْجِعُ أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَيَبْقَى عَمَلُهُ
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..