KHUTBAH JUMAT I
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَاۧ إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى مَحَمَّدِ نِالْمُجْتَبٰى، وَعَلٰى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَهْلِ التُّقٰى وَالْوَفٰى. أَمَّا بَعْدُ فَيَاأَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ مَنِ اتَّقَى
فَقَالَ اللهُ تَعَالٰى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ, بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْم, يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِۦ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ. وَقَالَ تَعَالَى أَيْضًا, وَسَارِعُوٓا۟ إِلَىٰ مَغْفِرَةٍ مِّن رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا ٱلسَّمَٰوَٰتُ وَٱلْأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Sepindah, khatib wasiat dhateng awak pribadi khatib piyambak soho panjenengan sedaya para jamaah, supados tansah ngudi ngluhuraken taqwa dhateng Allah Ta’ala. Amargi kanthi taqwa, tiyang muslim badhe dipun gampangaken sedaya urusanipun lan badhe dipun paringi rezeki saking panggenan ingkang boten kanyono-nyono. Allah Ta’ala ngendika:
وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مَخْرَجًا ۙ * وَّيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُۗ
“Sopo wonge kang takwa marang Allah, niscaya Allah bakal mbukakno dalan metu kanggo dheweke, lan Allah bakal menehi rezeki saka arah sing ora dinyono-nyono.” (QS. At-Talaq: 2-3)
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Sumonggo sedaya kito merenung sak-antawis, kados pundi agengipun rahmat soho nikmat saking Allah SWT ingkang tansah mili dhateng kito. Dinten meniko kito taksih saged ambegan, kito taksih saged ngadeg, lenggah, mlampah, soho rawuh ing masjid puniko kanthi sehat wal afiat. Lajeng, punopo pantes sedaya nikmat puniko kito sembrono lan mboten syukur dhateng Allah?
Cobi tingali sekitar kito, katah sanget sedherek kito ingkang dipun coba kaliyan longsor, banjir bandang, gempa bumi, kélangan kulawarga ingkang dipun tresnani, utawi kenging masalah. Wondenten kito meniko taksih saged lenggah tentrem, keselimutan nikmat ingkang boten kenging kaetang. Punopo kito lajeng badhe kufur nikmat lan ngelantur adoh saking Allah?
Jamaah ingkang pinaringan rahmat Allah,
Sampun ngantos gesang kang angel puniko mecah semangat kito. Sampun ngantos ujian puniko nundhung pengarep-arep kito. Kito kedah emut janjinipun Allah SWT:
وَلَا تَا۟يْـَٔسُوا۟ مِن رَّوْحِ ٱللَّهِ
“Aja padha nyerah saka rahmate Allah!” (QS Yusuf: 87)
Punopo kito mboten mangertos menawi donya meniko namung sauntara? Dados sanget cilaka bilih kito putus asa, nyerah kalah, lan kelelep wonten ing keputus-asaan. Putus asa meniko namung pantes kanggé tiyang ingkang boten percados dhateng Gusti Allahipun.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Sumonggo kito tanem wonten ing manah sikap optimis utawi ra’ja’, inggih puniko pangajeng-ajeng ingkang kiyat dhateng Allah SWT. Pangajeng-ajeng ingkang njalari kito tumindak amal, dudu namung ngimpi kosong kemawon. Keranten punopo tegesipun ngarep-arep swarga bilih lampah kito malah adoh saking dalanipun Allah SWT?
Allah SWT ngendika:
فَمَن كَانَ يَرْجُوا۟ لِقَآءَ رَبِّهِۦ فَلْيَعْمَلْ عَمَلًا صَٰلِحًا
“Sopo wonge kang ngarep-arep ketemu marang pengerane, mula nglakonono amal sholeh.” (QS Al-Kahfi: 110)
Ma’asyiral Muslimin ingkang sami bingah,
Sampun ngantos dinten-dinten kito lumampah tanpo ibadah. Sampun ngantos ilat kito kelu saking dzikir. Sampun ngantos asto kito kosong saking sedekah. Keranten saben amal puniko bukti pengarep-arep kito dhateng rahmate Allah SWT.
Elinga janji Allah ingkang paring tenterem ing manah:
فَإِنَّ مَعَ ٱلْعُسْرِ يُسْرًا • إِنَّ مَعَ ٱلْعُسْرِ يُسْرًا
“Temenan bareng kangelan ana kemudahan. Bareng kangelan kuwi ana kemudahan.” (QS Al-Insyirah: 5-6)
Punopo ayat puniko mboten cekap nguataken kito? Bilih satunggaling lawang rezeki katutup, mila Allah badhe mbukak lawang rezeki sanesipun. Bilih satunggaling dalan peteng, balio menawi Allah badhe murubaken pepadhang. Sampun ngantos bosen ngarep-arep, keranten rahmate Allah langkung ageng tinimbang dosa lan susah kito.
Kito ugi kedah emut salah satunggaling dawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW:
وَقَالَ عَلَيْهِ الصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ: إذَا حَدَثَ عَلَى عَبْدٍ مُصِيْبَةٌ فِيْ بَدَنِهِ أَوْ مَالِهِ أوْ وَلَدِهِ فَاسْتَقْبَلَ ذٰلِكَ بِصَبْرٍ جَمِيْلٍ اسْتَحْيَا اللهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ أَنْ يَنْصِبَ لَهُ مِيْزَانًا أوْ يَنْشُرَ لَهُ دِيْوَانًا
“Nabi ngendika: Nek ana musibah nempuh marang awakmu, bandhamu, utowo anakmu, banjur kowe ngadepi nganggo sabar sing bagus, mula Allah ing dina kiamat ngangkat timbanganmu utowo menehi catatan amal marang siro.”
Jamaah ingkang kinurmatan,
Saking hadits puniko, sampun cetho sanget bilih saben musibah ingkang nempuh kito kedah kito atur kanthi sabar ingkang sae. Keranten sabar kito puniko badhe dados abot timbangan kabecikan kito wonten akhirat benjang.
Mila saking puniko, sumonggo kito sambut saben dinten kanthi manah ingkang kebak pangajeng-ajeng. Sampun ngantos pesimis. Sampun ngantos bingung nguwasani manah. Bangun optimis kanthi nglajengaken sujud, maos Al Qur’an, soho ngisi gesang kanthi amal sholeh sanesipun.
Mugi Allah SWT maringi kelembutan dhateng manah kito, nglurusaken lampah kito wonten dalanipun, ngilangaken susah kito, soho nggentos saben sangsara dados kabagyan ingkang langgeng. Amin ya Robbal Alamin.
باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَمَّا بَعْدُ
فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا،
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِييْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ
رَبّنَا لاَتُؤَاخِذْ نَا إِنْ نَسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبّنَا وَلاَ تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الّذِيْنَ مِنْ قَبْلِنَا رَبّنَا وَلاَ تًحَمّلْنَا مَالاَ طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلاَنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ
اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغغِنَى. اللهمّ أحْسِنْ عَاقِبَتَنَا فِي الأُمُورِ كُلِّهَا، وَأجِرْنَا مِنْ خِزْيِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ الآخِرَةِ. رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ. وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ
عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG