Khutbah Jumat Terbaru Tentang Sound Horeg Menurut Islam (Bahasa Jawa)

gambar ilustrasi sound horeg
gambar ilustrasi sound horeg

KHUTBAH I

إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَاۧ إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى مَحَمَّدِ نِالْمُجْتَبٰى، وَعَلٰى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَهْلِ التُّقٰى وَالْوَفٰى. أَمَّا بَعْدُ فَيَاأَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ مَنِ اتَّقَى

Bacaan Lainnya

فَقَالَ اللهُ تَعَالٰى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ, بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْم, يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِۦ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ. وَقَالَ تَعَالَى أَيْضًا, وَسَارِعُوٓا۟ إِلَىٰ مَغْفِرَةٍ مِّن رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا ٱلسَّمَٰوَٰتُ وَٱلْأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Sumangga kita tansah ngudi ngluhuraken taqwa dhateng Allah Ta’ala kanthi taqwa ingkang saestu, kanthi nglampahi sedaya dhawuh-ipun lan nebihi sedaya ingkang dados larangan-Nipun. Keranten, namung kanthi taqwa kita saged slamet ing donya lan akhirat.

Jama’ah Jum’at ingkang kinurmatan dening Allah,

Ing kesempatan khutbah ingkang minulya punika, khatib badhe ngajak dhumateng pribadhi khatib piyambak saha sedaya jama’ah kagem merenungaken bab fenomena sound horeg ingkang sak punika marak wonten tengahing masyarakat kita.

Menapa inggih punika sound horeg?

Sound horeg punika istilah populer kagem piranti pengeras swanten kanthi daya watt ingkang ageng sanget, ingkang dipun-ginakaken wonten acara-acara kados hajatan, karnaval, utawi konvoi, kanthi swanten musik ingkang banter sanget ngatos nyeri teng kuping, lan malah asring ngganggu ketentreman lingkungan.

Lajeng, kados pundi pandhangan Islam dhateng fenomena sound horeg punika?

Wonten ing Islam, njagi ketentreman lan boten ngganggu liyan punika ajaran ingkang banget dipun anjuraken. Rasulullah ﷺ dhawuh:

لَا ضَرَرَ وَلَا ضِرَارَ

“Orak kena gawe mudharat lan ora kena mbales nganggo mudharat.” (HR. Ibnu Majah, Ahmad, lan liyane)

Hadirin rahimakumullah..

Puniko ateges kita boten kenging nindakaken punapa kemawon ingkang saged njalari rugi utawi gangguan dhateng tiyang sanes.

Sound horeg punika biasane dipun puter kanthi swanten ingkang banter sanget, malah saged kapireng ngantos pirang-pirang kilometer. Swanten punika cetha ngluwihi wates kemampuhan pendengaran manungsa ingkang lumrah. Wonten ajaran Islam, sedaya ingkang berlebihan kados punika boten sae lan sampun dipun larang dening Allah SWT.

Kados ingkang wonten ing Qs Al Ma’dah ayat 77:

قُلْ يَٰٓأَهْلَ ٱلْكِتَٰبِ لَا تَغْلُوا۟ فِى دِينِكُمْ غَيْرَ ٱلْحَقِّ وَلَا تَتَّبِعُوٓا۟ أَهْوَآءَ قَوْمٍ قَدْ ضَلُّوا۟ مِن قَبْلُ وَأَضَلُّوا۟ كَثِيرًا وَضَلُّوا۟ عَن سَوَآءِ ٱلسَّبِيلِ

“Cangkemono: ‘He wong ahli kitab, aja podo ngluwihi wates (melampahi) ora bener ing agamamu. Lan aja podo ngetutake hawa nepsune wong-wong kang wus kesasar biyen lan padha gawe kesasar akeh wong, lan padha kesasar saka dalan kang lurus.’” (Qs Al Ma’dah: 77)

Jama’ah ingkang pinaringan rahmat Allah,

Dereng malih geteran ingkang dipun hasilaken dening sound horeg punika saged memecah kaca griya, ngganggu bayi, tiyang sakit, utawi tiyang ingkang nembe ibadah. Punika sampun cetha sanget bilih sound horeg punika kalebet lampah ingkang nyakiti lan ngganggu.

Wonten ugi dhawuh Allah ing Al Qur’an:

وَالَّذِينَ يُؤْذُونَ الْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ بِغَيْرِ مَا اكْتَسَبُوا فَقَدِ احْتَمَلُوا بُهْتَانًا وَإِثْمًا مُّبِينًا

“Lan wong-wong kang nglarani wong mukmin lan mukminah tanpa dosane wong-wong mau, mesthi wong-wong iku padha nanggung panyebar fitnah lan dosa kang cetha.” (QS. Al-Ahzab: 58)

Jama’ah ingkang pinaringan rahmat Allah,

Salajengipun, kajawi ngganggu, sound horeg ingkang dipun puter banter punika asring dados sebab kumpulipun tiyang kagem nindakaken maksiat, kados ngombe minuman keras, jogetan boten tata, tiyang setri joget ngumbar auratipun.

Malah, hiburan sound horeg punika asring ndadosaken kita supe dhateng kewajiban utama, inggih punika nindakaken sholat tepat waktu, malah kadang nganti ninggalaken shalat.

Jama’ah ingkang pinaringan rahmat Allah,

Amargi kathah mudharatipun lan saged nglantaraken supe dhateng dzikir saha ibadah, sawetawis ulama lan MUI daerah sampun ngedalaken fatwa haram kangge sound horeg ingkang ngeliwati wates.

Fatwa punika cocog kaliyan kaidah fiqhiyyah:

دَرْءُ الْمَفَاسِدِ مُقَدَّمٌ عَلَى جَلْبِ الْمَصَالِحِ

“Nolak kerusakan luwih diutamakake tinimbang njupuk manfaat.”

Mila wonten kasus sound horeg, sanajan alesanipun kagem hiburan utawi syiar, nanging menawi cetha kathah mudharatipun, dados kedah dipun tilaraken.

Sumangga kita renungaken sesarengan.

Punapa kabungahan kita nalika hajatan, karnaval, utawi perayaan kedah ngorbanaken katentreman lan hak tiyang sanes kangge tentrem? Punapa kita purun nanggung dosa awit ngganggu tiyang sanes namung amargi kabungahan sakedhap? Punapa kita boten emut bilih maksiat ingkang dipun pertontonaken badhe dados tabungan dosa wonten akhirat?

Hadirin rahimakumullah.. Mugi khutbah punika dados pangeling-eling dhateng kita sedaya supados boten kagungan sifat lalai lan boten dados kawula ingkang nganiaya tiyang sanes kaliyan swanten banter ingkang boten perlu.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللّٰهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH II

اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَمَّا بَعْدُ

فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا،

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِييْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

رَبّنَا لاَتُؤَاخِذْ نَا إِنْ نَسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبّنَا وَلاَ تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الّذِيْنَ مِنْ قَبْلِنَا رَبّنَا وَلاَ تًحَمّلْنَا مَالاَ طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلاَنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ

رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ. وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ

عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG

Pos terkait