Khutbah Jumat Muharram Singkat: Belajar Dari Nabi Musa di Bulan Muharram (Bahasa Jawa)

ilustrasi nabi musa membelah lautan
ilustrasi nabi musa membelah lautan

MUKADDIMAH KHUTBAH PERTAMA

   اَلْحَمْدُ للهِ، اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ جَعَلَ نَبِيَّهُ مُوْسَى كَلِيْمًا، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ رَبُّ مَنِ اتَّقَى وَعَصَى، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُجْتَبَى الْمُصْطَفَى، اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْوَرَى، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ هُمْ أَهْلُ الصِّدْقِ وَالْوَفَاءِ 

 أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْنِيْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قال الله تعالى فى كتابه الكريم، وَإِنِّي لَغَفَّارٌ لِمَنْ تَابَ وَآمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا ثُمَّ اهْتَدَى

Bacaan Lainnya

Jamaah Jum’at ingkang kinurmatan Allah

Sumonggo wonten ing kesempatan punika kita tansah muji syukur dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, keranten kita taksih kaparingan kesehatan saha kekiyatan kangge ngelaksanani salah satunggaling kawajiban dados tiyang Islam, inggih punika shalat Jum’at kanthi berjamaah.

Punika kalebet tandha taqwa dhumateng Allah SWT, inggih punika ngelampahi dhawuh-dhawuhipun lan nebihi sedaya laranganipun. Mugi taqwallah kita tansah mundhak saben dintenipun. Aamiin ya Rabbal ‘alamin.

Jamaah ingkang dipun muliaaken Allah

Kados ingkang sampun masyhur wonten ing kalangan umat Islam, nalika Rasulullah SAW lan para sahabat hijrah dhateng Madinah, piyambakipun mirsani tiyang Yahudi ingkang sedaya nindakaken poso Asyura.

Saking hadits riwayat Ibnu Abbas, nalika Nabi SAW rawuh wonten Madinah, Nabi mirsani tiyang Yahudi sami nindakaken poso ing dinten Asyura. Nabi lajeng nyuwun pirsa, “Siro kabeh lagi poso apa iki?”

Wong-wong mau njawab, “Iki dina apik. Dina nalika Allah nylametké Bani Israil saka mungsuhé, yaiku Fir’aun lan pasukané. Mula Nabi Musa nindakaké poso ing dina iki.”

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait