Ananging nalika Fir’aun saha bala tentaranipun nyoba nyusul, nalika wonten ing tengah lautan, Allah ngalihake kersanipun: lautan punika nutup malih. Fir’aun lan bala tentaranipun kelelep, dene Musa lan umatipun sami slamet.
Para rawuh Hafidhakumullah
Kita sampun mangertos bilih Nabi Musa punika tiyang ingkang kekar saha kiyat. Piyambakipun nate nyelaaken tiyang loro ingkang padu, salah satunggaling tiyang saking golonganipun piyambak, lan satunggalipun saking musuhipun.
Kados ing firmanipun Allah QS Al-Qashash: 15
وَدَخَلَ الْمَدِينَةَ عَلَى حِينِ غَفْلَةٍ مِنْ أَهْلِهَا فَوَجَدَ فِيهَا رَجُلَيْنِ يَقْتَتِلَانِ هَذَا مِنْ شِيعَتِهِ وَهَذَا مِنْ عَدُوِّهِ فَاسْتَغَاثَهُ الَّذِي مِنْ شِيعَتِهِ عَلَى الَّذِي مِنْ عَدُوِّهِ فَوَكَزَهُ مُوسَى فَقَضَى عَلَيْهِ قَالَ هَذَا مِنْ عَمَلِ الشَّيْطَانِ إِنَّهُ عَدُوٌّ مُضِلٌّ مُبِينٌ
“Lan Musa mlebu kutha nalika penduduké lagi padha lengah, banjur nemokaké wong loro padha gelut. Sing siji saka golongané dhewe (Bani Israil), lan sijiné saka mungsuhé (kaum Fir’aun). Wong saka golongané nyuwun tulung marang Musa kanggo ngalahké mungsuhé, banjur Musa mukul wong kuwi, lan wong kuwi mati. Musa ngendika: ‘Iki tumindak setan. Satemene setan kuwi mungsuh kang gawe kesasar sing nyata.’”
Para jamaah ingkang kinurmatan
Saking kedadosan punika, kita saged nyerat piwulang. Sanadyan awak kita kiyat, sanadyan saged gadhah power, menawi ing lelampahan dakwah kita mesthi manggihi tantangan saking kekiyatan ingkang langkung ageng.
Menawi kito mung gumantung dhumateng kekiyatan raga, saged kemawon kita kalah. Nanging menawi sampun tekan puncaking tawakal dhumateng Allah, mesthi pitulungan Allah badhé rawuh, kados punapa caranipun Allah piyambak. Mboten saged dipun nalar.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..


