KHUTBAH JUMAT I
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي بَعَثَ فِي الْأُمِّيِّينَ رَسُولًا مِنْهُمْ، يَتْلُو عَلَيْهِمْ آيَاتِهِ وَيُزَكِّيهِمْ، وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ، أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ عَلَى جَلِيلِ نِعَمِهِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، تَعْظِيمًا لِشَأْنِهِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَىٰ آلِهِ الطَّاهِرِينَ، وَأَصْحَابِهِ الرَّاشِدِينَ، وَمَنْ سَارَ عَلَىٰ دَرْبِهِمْ وَاتَّبَعَ نَهْجَهُمْ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوصِيكُمْ أَيُّهَا الْمُسْلِمُونَ وَنَفْسِيَ الْخَاطِئَةَ الْمُقَصِّرَةَ، بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ، فَإِنَّهَا وَصِيَّةُ اللهِ لِلْأَوَّلِينَ وَالْآخِرِينَ، قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيمِ: وَلَقَدْ وَصَّيْنَا الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَإِيَّاكُمْ أَنِ اتَّقُوا اللهَ ۚ [النساء: 131] صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْمُ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Sumangga kita tansah ngluhuraken lan ngudi ketakwaan dhateng Allah kanthi takwa ingkang saestu, kanthi nglampahi dhawuhipun lan nebihi sedaya laranganipun.
Jamaah Jum’at ingkang kinurmatan Allah,
Dinten punika sanes dinten biasa. Dinten punika, Jum’at tanggal 5 September 2025, minangka momen agung ing sajarah umat manungsa. Dinten kelairanipun tiyang ingkang paling mulya, Nabi Muhammad ﷺ, panebar rahmat, panuntun pepadhang, saha pambekta risalah ingkang mbeto umat saking pepeteng jahiliyah dhateng pepadhangipun iman.
Allah sampun dawuh wonten ing Al-Qur’an:
وَمَآ أَرْسَلْنَٰكَ إِلَّا رَحْمَةًۭ لِّلْعَٰلَمِينَ
“Lan ora Aku ngutus siro (Muhammad), kejaba minangka rahmat kanggé sakabehing alam.” (QS. Al-Anbiya’: 107)
Jamaah ingkang kinurmatan Allah,
Menapa kita boten pantes remen kanthi rawuhipun sosok ingkang dados rahmat tumrap kita sedaya?
Kabungahan dhateng kelairanipun Nabi punika boten kalebet prakawis ingkang dilarang. Malah Allah piyambak dhawuhaken supados kita sami bungah kaliyan karunia ingkang agung punika. Allah ngendika:
قُلْ بِفَضْلِ ٱللَّهِ وَبِرَحْمَتِهِۦ فَبِذَٰلِكَ فَلْيَفْرَحُوا۟ ۖ هُوَ خَيْرٌۭ مِّمَّا يَجْمَعُونَ
“Kandhakake (Muhammad): Kanthi kanugrahan Allah lan rahmate, becik padha bungah. Kuwi luwih becik tinimbang apa sing padha diklumpukake.” (QS. Yunus: 58)
Jamaah ingkang kinurmatan,
Para ulama tafsir nerangaken bilih rahmat paling agung saking Allah punika ya iku dipunutusipun Nabi Muhammad ﷺ. Mila kabungahan kita dinten punika minangka wujud syukur dhumateng nikmat Allah ingkang boten saged dipun ukur.
Kabungahan dhumateng kelairanipun Rasul boten namung lumantar perayaan, nanging ugi lumantar nyonto akhlaq lan perjuanganipun.
Rasulullah ﷺ ngendika:
إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ صَالِحَ الأَخْلَاقِ
“Satemene aku diutus kanggo nyampurnakake akhlak kang utama.” (HR. Ahmad)
Mila, wujud tresna kita dhateng piyambakipun inggih punika kanthi ngetutaken akhlaqipun:
- Dados pimpinan rumah tangga ingkang welas asih dhateng garwa.
- Dados pemimpin ingkang adil.
- Dados tangga teparo ingkang peduli. Lan
- Dados umat ingkang taat dhateng Allah.
Jamaah Rahimakumullah,
Wonten tiyang Arab Badui sowan dhateng Nabi kanthi raos bungah, lajeng ngendika: “Ya Rasulullah, kulo dereng nate angsal nikmat langkung ageng tinimbang saged ngenal Panjenengan.” Nabi ﷺ lajeng mesem lan ndongakaken berkah dhumateng piyambakipun.
Kados mekaten ugi kita dinten punika. Kita ngraosaken syukur saged lair minangka Muslim, saged ngenal Rasul, tresna dhumateng piyambakipun, lan ngarep-arep syafa’atipun ing dinten kiamat.
Jamaah Jum’at ingkang binarokaken,
Tandha katresnan kita dhateng Nabi inggih punika kanthi ngetutaken sunnahipun. Rasulullah ﷺ ngendika:
مَنْ أَحَبَّ سُنَّتِي فَقَدْ أَحَبَّنِي، وَمَنْ أَحَبَّنِي كَانَ مَعِي فِي الْجَنَّةِ
“Sapa sing tresna marang sunnahku, mesthi tresna marang aku. Lan sapa sing tresna marang aku, bakal bareng karo aku ing swarga.” (HR. Tirmidzi)
Mila, sumangga kita uripaken sunnahipun: njagi shalat tepat wekdal, ngluhuraken shalawat, adil, lan nyebarake katresnan wonten ing tengah masyarakat.
Jamaah sedaya, Saben kita ngarep-arep syafa’at Nabi wonten ing dinten kiamat. Piyambakipun ngendika:
أَنَا سَيِّدُ وَلَدِ آدَمَ يَوْمَ الْقِيَامَةِ وَلَا فَخْرَ
“Aku iku pangareping anak Adam ing dina kiamat, lan kuwi dudu sombong.” (HR. Muslim)
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Awit saking punika, sumangga kita sami ngginakaken momen kelairanipun Nabi punika minangka pepadhang kanggo nguwataken katresnan dhateng piyambakipun. Katresnan boten namung wonten ing lambe, nanging nyata wonten ing shalawat, nyata wonten ing akhlaq, nyata wonten ing ibadah, nyata wonten ing dakwah.
Sumangga kita sami ndedonga supados saged ngluhuraken shalawat lan nglampahi sunnah-sunnahipun. Mugi kita termasuk umat ingkang angsal syafa’at wonten ing dinten kiamat. Amin.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ بِاْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأَسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ، إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى.
فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْد
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ
Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG Wa.0812-4436-5554



