Download Khutbah Jumat NU Singkat PDF Terbaru: Menyongsong Bulan Suci Ramadhan (B. Jawa)

gambar ilustrasi bulan suci ramadhan
gambar ilustrasi bulan suci ramadhan

MUKADDIMAH KHUTBAH PERTAMA

الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ بِنِعْمَتِهِ تَتِمُّ الصَّالِحَاتُ، وَبِفَضْلِهِ تَتَنَزَّلُ الْخَيْرَاتُ وَالْبَرَكَاتُ، وَبِتَوْفِيْقِهِ تَتَحَقَّقُ الْمَقَاصِدُ وَالْغَايَاتُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّاا للهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَانَبِيَّ بَعْدَهُ. اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى

Sidang Jum’at rahimakumullah

Bacaan Lainnya

Sumangga kita sedaya sesarengan ningkataken kadar iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT. Amargi namung kanthi bekal iman lan taqwa punika, kita saged wangsul sowan dhateng Allah kanthi kebak pangapunten.

Jamaah sholat Jum’at rahimakumullah

Wonten ing wekdal menika, khotib badhe ngangkat satunggal irah-irahan khutbah, inggih menika MENYONGSONG BULAN SUCI RAMADHAN.

Ramadhan punika wulan ingkang paling utama, wulan kebak rahmat, wulan kebak pangapunten, berkah lan ghanimah. Lawang swarga kawuka, lawang neraka katutup, saha setan-setan kaiket.

Ing wulan ingkang mulya punika, Allah maringi kesempatan emas dhumateng kita sedaya kangge ngempalaken maneka warna amal kabecikan, saha dipunlipatgandhakaken sedaya keutamaanipun.

Malah wonten ing wulan Ramadhan, Allah paring ganjaran ibadah 84 taun, tumrap sinten kemawon ingkang ngupados lan nunggu rawuhipun wengi sewu wulan, katon utawi boten tandha-tandhanipun.

Nanging menawi kita tansah siyaga lan wonten ing kahanan ibadah dhumateng Allah ‘Azza wa Jalla, mila kita badhe pikantuk kamulyan punika.

Hadirin rahimakumullah

Punapa kemawon ingkang kedah kita persiapaken kangge nyongsong Ramadhan punika?

Ingkang sepisanan lan utama inggih punika donga. Donga punika ibadah ingkang nyambungaken kabutuhan lan pangajeng-ajeng kita dhumateng Allah ‘Azza wa Jalla. Gegayutan kaliyan nyongsong lan nyambut rawuhipun wulan Ramadhan, donga ingkang dipunmaksud inggih punika nyuwun dhumateng Allah supados dipunparingi umur dawa dumugi saged kaparingan patemon kaliyan wulan Ramadhan.

Para salaf rumiyin sampun nyuwun dipunparingi patemon kaliyan wulan Ramadhan wiwit enem wulan sakderengipun.
“Allahumma barik lana fi Rajaba wa sya’bana, wa ballighna Ramadhan.”
Tegese: Ya Allah, paringana berkah marang aku ing wulan Rajab lan Sya’ban, lan tekanana aku marang wulan Ramadhan.

Donga punika kalebet donga ingkang masyhur saking para salafus shalih rahimahumullah.

Kita boten saged njamin, punapa kita badhe dumugi wulan Ramadhan utawi boten. Sanadyan kita saged dumugi Ramadhan, ugi boten wonten jaminan bilih kita saged nggayuh sedaya keutamaanipun Ramadhan.

Mila saking punika, ing sisa dinten-dinten nyedhaki Ramadhan punika, pangajeng-ajeng supados kaparingan patemon kaliyan Ramadhan kedah tansah ndherek wonten ing donga-donga kita.

Kalebet ingkang kedah kita nyuwun, inggih punika kakiyatan, kagemahan, lan taufiq saking Panjenenganipun supados saged ngisi Ramadhan kaliyan maneka ibadah, amal shalih, lan ketaatan dhumateng Allah.

Amargi boten sethithik tiyang ingkang nunggu lan ngangen-angen rawuhipun Ramadhan, nanging nalika Ramadhan sampun rawuh, piyambakipun boten pikantuk paedah saking Ramadhan. Piyambakipun boten saged migunakaken Ramadhan kanthi ibadah maksimal.

Ingkang kaping kalih ingkang kedah kita lampahi kangge nyongsong wulan Ramadhan inggih punika bungah kaliyan rawuhipun Ramadhan.

Salah satunggal pratandha iman inggih punika rumangsa bingah lan suka cita nalika rawuhipun mangsa ketaatan. Amargi Ramadhan kados tamu agung ingkang rawuh nggawa maneka kabecikan lan keutamaan.

Ramadhan rawuh nggawa rahmat, maghfirah (pangapunten), kamardikan saking neraka, satunggal wengi ingkang langkung sae tinimbang sewu wulan, lan maneka keutamaan sanesipun. Mila para pecinta kabecikan mesthi rumangsa bungah lan seneng kaliyan rawuhipun.

Mila saking punika, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam tansah paring kabar bingah dhumateng para sahabat nalika Ramadhan rawuh. Panjenenganipun nyemangati supados para sahabat saged migunakaken momen Ramadhan lan ngupados sedaya keutamaanipun.

Kabar bingah ingkang dipunparingaken dening Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam umume awujud penjelasan bab keistimewaan lan keutamaan wulan Ramadhan.

Kados ing satunggaling Hadits Hasan riwayat Imam Nasai wonten ing Sunanipun, Rasulullah paring kabar bingah dhumateng para sahabat nalika mlebetipun wulan Ramadhan.

Panjenenganipun ngendika: “Ramadhan wus teka marang kowe kabeh. Iki wulan kang kebak berkah. Allah maringi kewajiban marang kowe kabeh kanggo pasa ing wulan iki. Ing wulan iki lawang langit dibukak, lawang-lawang neraka Jahim ditutup, lan setan-setan dirantai. Ing wulan iki ana siji wengi kang luwih becik tinimbang sewu wulan. Sapa sing ora entuk kabecikané, tegese dheweke tenan dicegah saka kabecikan.” (Terjemah HR. Nasai)

Hadirin Jamaah Jum’ah rahimakumullah

Minangka kawula ingkang mangertos kathah kelemahan, kekirangan, lan kelalaian ing ibadah kita sakmenika, kita prayogi rumangsa bungah kaliyan rawuhipun Ramadhan.

Amargi Ramadhan punika momen kangge ningkataken kualitas dhiri lan iman, saha kesempatan nggayuh pahala lan pangapunten ingkang kathah sanget.

Mugi kanthi rasa bungah lan suka cita atas rawuhipun Ramadhan, saged nuwuhaken semangat, tekad, lan kesungguhan kangge ngisi Ramadhan kaliyan maneka ibadah. Mugi ugi nuwuhaken motivasi kangge nggayuh kamulyan Ramadhan.

Mantepaken tekad supados Ramadhan taun menika saged nggayuh taqwa kados ingkang dipun janjiaken dening Allah SWT.

Temtu nggayuh taqwa punika kedah kanthi mangertosi rambu-rambu ingkang sampun dipun tetepaken dening Allah, supados pasa kita boten batal, boten rusak, lan saged dipun tampi dening Allah.

Hadirin Jamaah Jum’ah rahimakumullah

Salah satunggaling rambu-rambu punika inggih menika:

  1. Ngupados mbiasakaken dhiri supados boten ngapusi sanadyan alit sanget.
  2. Ngupados mbiasakaken dhiri supados boten ghibah dhumateng seduluripun, sanadyan punika kasunyatan.
  3. Mbiasakaken njagi lan nglestantunaken amalan fardu lan sunnah.
  4. Nggawe target pinten kaping khatam Al-Qur’an salebeting Ramadhan.
  5. Sinau nahan nesu lan nyingkiri debat, sanadyan wonten ing pihak ingkang leres.

Sidang Jum’at rahimakumullah

Lan ingkang pungkasan, mbiasakaken dhiri tansah seneng nuduhake lan berbagi, kalebet sedekah miturut kemampuan. Mekaten gambaran saperangan persiapan kita kangge nyongsong wulan Ramadhan ingkang kebak berkah.

Mugi-mugi kita sedaya dipun paringi kakiyatan dening Allah kangge nglampahi ibadah pasa salebeting wulan Ramadhan. Amin.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْأنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الاَيَاتِ وَ ذِكْرِالحَكِيْمِ وَ تَقَبَّلَ اللهُ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمِ

KHUTBAH JUMAT KEDUA

 اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG

Pos terkait