KHUTBAH JUMAT I
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ، اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي فَتَحَ لِعِبَادِهِ أَبْوَابَ التَّوْبَةِ وَالرَّحْمَةِ، وَجَعَلَ مَوَاسِمَ الْخَيْرِ مَحَطَّةً لِلرُّجُوعِ إِلَيْهِ وَالْإِنَابَةِ، أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، شَهَادَةً تُنَجِّينَا مِنَ الْعَذَابِ يَوْمَ الْقِيَامَةِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَىٰ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَىٰ آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَىٰ أَصْحَابِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَىٰ مَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَىٰ يَوْمِ الدِّينِ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ، أُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللّٰهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ، قَالَ اللّٰهُ تَعَالَىٰ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah!
Alhamdulillah, sedaya puji pangalembana konjuk dhumateng Allah, awit kanthi berkah rahmat peparingipun, kita saged tindhak lan nyawiji ing majelis tiyang ingkang insyaallah minulya, ing dinten ingkang mulya, lan papan ingkang mulya (inggih dalemipun Allah) menika kagem nindak-aken ibadah salat Jumat.
Shalawat saha salam mugi tansah katur dhumateng Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW, pepadhanging jagad, suluhing bebener, panutan tumrap umat manungsa, saha dhumateng para kulawarga, sahabat, lan para pandherekipun ingkang setya ngugemi piwulangipun ngantos dumugi pungkasaning jaman.
Salajengipun kawula minangka khatib ngajak, sumangga kita sami nambah raos iman lan takwa dhumateng Allah SWT kanthi tansah nindak-aken dhawuhipun, lan nilaraken awisanipun. Jalaran kanthi lampah takwa kita bakal pikantuk kabingahan ing ndonya lan kawilujengan ing akhirat.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah!
Saestunipun wonten setunggal perkawis ageng lan sanget wigatos ing gesang menika amrih dipun tengenaken, inggih menika kahanan ati (penggalih). Ati minangka raja tumrap perangan badan sanesipun, piyambakipun ingkang ngobah-aken saben perangan badan kagem tumindak. Saenipun kahanan ati bakal nuwuhaken kesaenan tumrap perangan badan sanesipun, makaten ugi awonipun ati bakal njalari amal ingkang awon perangan badan kita.
Ing satunggaling hadis saking sahabat an-Nu’man bin Basyir radhiyallahu ‘anhu, kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda:
أَلاَ وَإِنَّ فِى الْجَسَدِ مُضْغَةً إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الْجَسَدُ كُلُّهُ ، وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الْجَسَدُ كُلُّهُ . أَلاَ وَهِىَ الْقَلْبُ
“Mangerti-a, satemene ing sajroning jasad ana saprengkel daging. Yen dheweke becik, mangka bakal dadi becik uga jasad iku. Dene yan dheweke rusak, mangka dadi rusak uga jasad iku. Saprengkel daging iku jenenge ati.” [HR. Bukhari & Muslim]
Ati utawi qalbu ingkang dipun maksud ing hadis kasebat inggih menika pusat kesadaran, emosi, lan spiritualitas umat manungsa.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah!
Para ulama njlentrehaken bilih kahanan ati manungsa menika wonten werni tiga, ing antawisipun:
Sepisan, Ati ingkang sehat (Qalbun Salim). Ati ingkang sehat mujudaken ati ingkang resik lan tebih saking gadahaning syahwat ingkang awon, pepinginan ingkang cengkah kaliyan dhawuhipun Allah subhanahu wa ta’ala lan nebihi perkawis ingkang syubhat, ingkang mboten gumathok lan nyeleweng saking bebener.
Ing akhirat mbenjang, namung ati ingkang resik (sehat) ingkang bakal wilujeng saking azab, nalika sedaya arta bandha lan kulawarga mboten piguna. Allah subhanahu wa ta’ala paring firman:
يَوْمَ لَا يَنْفَعُ مَا لٌ وَّلَا بَنُوْنَ. اِلَّا مَنْ اَتَى اللّٰهَ بِقَلْبٍ سَلِيْمٍ
“Yaiku ing dina nalika arta bandha lan anak ora migunani, kejaba wong kang marak sowan marang Allah kanthi ati kang resik.” [QS. Asy-Syu’ara’: 88-89]
Menawi nresnani, peparing, lan nahan dhiri, sedaya katindak-aken jalaran pados ridla-nipun Allah subhanahu wa ta’ala. Yen pikantuk piwucal ing kesaenan lan ngajak takwa, bakal enggal dipun tampi kanthi nglenggono ing manah. Sipatipun tansah kepingin age-age kathah tumindak ing kesaenan. Allah paring dhawuh:
اُولٰٓئِكَ يُسَا رِعُوْنَ فِيْ الْخَيْـرٰتِ وَهُمْ لَهَا سٰبِقُوْنَ
“Wong-wong iku tansah age-age ing laku kabecikan, lan hiya wong kang mengkono bakal antuk kasil.” [QS. Al-Mu’minun: 61]
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah!
Kaping kalih, Ati ingkang sakit (Qalbun Maridh). Ati ingkang sakit inggih menika kahanan ati nipun tiyang iman, nanging kadunungan penyakit. Ing manahipun dumunung raos dhemen lan pepinginan ageng ing syahwat kadonyan (hubbud dunya), raos drengki, takabur (umuk), riya’, lan ujub, sarta mawerni sipat awon ingkang bakal njrumusaken ing tindak lampah maksiat.
Mekaten menika jlentrehipun, kenging menapa wonten priyayi ingkang sacara gelar atat lair ketingal kinurmat, ayu utawi bagus, malah minangka pejabat utawi kalenggahan mentereng, kepara dados tokoh ingkang mangertos piwucal agami, nanging kasunyatanipun tumindak awon.
Tumindakipun nistha kanthi lampah maksiat, menapa kanthi sesidheman utawi gamblang (blaka suta), ngrampas hak milikipun tiyang sanes, korupsi utawi manipulasi, ‘nyalahguna-aken’ wewenang utawi jabatan, ngucapipun kasar, utawi nyakiti manah tiyang sanes. Atinipun kebak penyakit ingkang awrat utawi malah sampun rusak parah.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah!
Kaping tiga, Ati ingkang mati (Qalbun Mayyit). Ati ingkang mati inggih menika ati ingkang mboten kenal (mangertos) dhumateng sesembahan inggih Allah rabbul’aalamiin, sahingga babar pisan mboten kapenggalih wonten raos mbetahaken ngibadah. Atinipun dipun kuwaosi dening hawa nepsu lan kanikmagan kadonyan. Yen piyambake nresnani, ngengiti, peparing utawi nahan dhiri, sedaya jalaran jumbuh kaliyan pepinginan hawa nepsunipun. Hawa nepsu kadadosaken minangka pemimpin lan ingkang ngendaleni dhirinipun, lan piyampakipun sampun dados budakipun. Allah subhanahu wa ta’ala paring dhawuh:
اَفَرَءَيْتَ مَنِ اتَّخَذَ اِلٰهَهٗ هَوٰٮهُ وَاَ ضَلَّهُ اللّٰهُ عَلٰى عِلْمٍ وَّخَتَمَ عَلٰى سَمْعِهٖ وَقَلْبِهٖ وَجَعَلَ عَلٰى بَصَرِهٖ غِشٰوَةً ۗ فَمَنْ يَّهْدِيْهِ مِنْۢ بَعْدِ اللّٰهِ ۗ اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ
“Mangka apa tau sira sumurup anane wong kang ndadek-ake hawa nepsune minangka bendara (sesembahan), lan Allah nyekarep ing dheweke nandhang sasar lan Allah wis ngunci mati ing kuping lan atine, lan masang tutup ing mripate? Mangka sapa kang bakal weneh pituduh ing dheweke sawise Allah (ndadek-ake sasar). Mangka ngapa sira ora njupuk dadi pepeling?” [QS. Al-Jatsiyah: 23]
Saestunipun Allah subhanahu wa ta’ala mboten bakal mriksani (mbiji) ing pacakan gelar tata lair lan kathahing bandha donya manungsa, nanging mriksani batin manungsa, inggih isinipun ati lan amal tumindakipun.
Ing satunggaling hadis saking sahabat Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda:
إِنَّ اللَّهَ لَا يَنْظُرُ إِلَى صُوَرِكُمْ وَأَمْوَالِكُمْ وَلَكِـنْ يَنْظُرُ إِلَى قُــــلُوبِكُمْ وَأَعْمَــالِكُمْ
“Satemene Allah ora mriksani ing wujuding badan lan arta bandha-nira. Nanging, Allah mriksani ing sajroning ati lan tumindak-ira. [HR. Muslim]
Ing bab sanes, kalbu (ati) minangka perangan badan ingkang gampil sanget ngalami owah-owahan kahanan. Ati menika ringkih lan gampil dipun pengaruhi. Perkawis menika kadosdene ingkang dipun ngendika-aken Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam:
إِنَّ قُلُوبَ بَنِي آدَمَ كُلَّهَا بَيْنَ إِصْبَعَيْنِ مِنْ أَصَابِعِ الرَّحْمَنِ كَقَلْبٍ وَاحِدٍ ، يُصَرِّفُهُ حَيْثُ يَشَاءُ
“Satemene atine Bani Adam iku dumunung ing antarane driji loro saka driji panguwasane Allah. Panjenengane gampang wae mbolak-mbalik-ake miturut kersane.” [HR. Muslim, saka sahabat Abdullah bin Amr bin Ash radhiyallahu ‘anhu]
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah!
Kita perlu waspada salebeting nglampahi gesang menika, ampun ngantos dipun kuwaosi dening hawa nepsu ingkang bakal njerumus-aken ing lampah awon. Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam berdoa dhumateng Allah agar dikaruniai qalbun salim, hati yang bersih.
وَأَسْأَلُكَ قَلْبًا سَلِيمًا
“Kawula nyuwun dhumateng Paduka ati ingkang resik.”
Lan donga ingkang kapetang masyhur, amrih kita pinaringan katetepan malah manah salebeting cecepengan kenceng ing piwucal agami.
يَا مُقَلِّبَ الْقُلُوبِ ثَبِّتْ قَلْبِي عَلَى دِينِكَ
“Dhuh Allah, Dzat ingkang Maha mbolak-mbalik-aken manah, mugi ndamel bakoh manah kawula anggenipun ngugemi piwucal agami Paduka.” [HR. Tirmidzi]
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah!
Saben penyakit temtu wonten obatipun, mekaten ugi penyakit ati. Allah subhanahu wa ta’ala minangka Dzat ingkang nyipta ati, sampun paring pitedah kados pundi caranipun ngobati penyakit ati.
Sepisan, Maos lan nyinau suraosipun Al-Quran. Allah subhanahu wa ta’ala paring firman:
وَنُنَزِّلُ مِنَ الْـقُرْاٰ نِ مَا هُوَ شِفَآءٌ وَّرَحْمَةٌ لِّـلْمُؤْمِنِيْنَ ۙ وَلَا يَزِيْدُ الظّٰلِمِيْنَ اِلَّا خَسَا رًا
“Lan Ingsun tumurunake sangka Al-Quran kang dadi tombo (obat) lan rahmat tumrap wong kang padha iman.” [QS. Al-Isra’: 82]
Salajengipun dipun tegas-aken langkung gamblang bilih obat menika katujok-aken kagem penyakit ingkang dumunung ing dhadha, inggih menika ati:
يٰۤاَ يُّهَا النَّا سُ قَدْ جَآءَتْكُمْ مَّوْعِظَةٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَشِفَآءٌ لِّمَا فِى الصُّدُوْرِ ۙ وَهُدًى وَّرَحْمَةٌ لِّـلْمُؤْمِنِيْنَ
“Hei umat manungsa! Yekti, wis tumeka ing sira kabeh piwulang (Al-Quran) saka Allah Pangeranira, kang nambani tumrap penyakit kang ana ing dhadha, lan pituduh sarta rahmat tumrap wong kang iman.” [QS. Yunus: 57]
Temtu kemawon maos Al-Quran ingkang dipun sartani tadabbur utawi kebak ing menggalih suraos lan maknanipun, pramila ayat-ayatipun migunani kadosdene kaca benggala ingkang nggambaraken kados pundi kahanan atinipun.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah!
Kaping kalih, obat ati inggih menika kanthi dzikir. Menawi Al-Quran minangka resep lan pandom kagem tetombo, pramika dzikrullah (eling dhumateng Allah), minangka proses ngunjuk obat-ipun. Kekalih-ipun mboten saged dipun pisah sebab Al-Quran minangka wujud dzikir ingkang paling agung. Allah ngendika:
اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَتَطْمَئِنُّ قُلُوْبُهُمْ بِذِكْرِ اللّٰهِ ۗ اَ لَا بِذِكْرِ اللّٰهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوْبُ
“(Yaiku) wong-wong iman lan atine padha dadi tentrem kanthi eling marang Allah. Mangerti-a, mung kanthi eling marang Allah ati bakal tentrem.” [QS. Ar-Ra’du: 28]
Para ulama, njelas-aken bilih dzikir wonten tigang (3) tingkatan, inggih menika dzikrul lisan, dzikrul qalbi, lan dzikrul jawarih. Dzikrul lisan inggih menika ngucap-aken kalimat-kalimat thayyibah (tasbih, tahmid, tahlil, takbir, lsp.) utawi ndedonga. Dzikrul qalbi inggih menika tuwuhipun raos eling lan manah ingkang ‘hadir’ bilih tansah tansah wonten raos dipunsartani dening Allah. Lan dzikrul Jawarih inggih menika dzikir perangan-ing anggota badan, inggih menika solah bawaning tumindak badan menika tansah taat midherek dhumateng Allah. Dzikir minangka obat ati menika namung bakal ‘manjur’ nalika tigang tingkatan menika nyawiji (manunggal): lisan ngucap, ati ngresepi, lan paraganing anggota badan nindak-aken.
Akhiran, mugi-mugi Allah paring dhumateng kita taufik lan kekiyatan kagem saged nambani ingkang kita sandhang, amrih mbenjang kita nalika marak sowan dhumateng Allah kanthi ati ingkang resik. Mekaten khutbah menika mugi manfaat. Amiin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ
KHUTBAH II
إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ أَمَّا بَعْدُ. فَيَاأَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى اِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى أٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِي الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللّٰهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ. وَعَنْ اَصْحَابِ نَبِيِّكَ اَجْمَعِيْنَ. وَالتَّابِعِبْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَتَابِعِهِمْ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ.
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ.
رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَر.ِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ
Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Sentuh 👉 GABUNG GRUP Kami menghimbau kepada pembaca untuk tetap mencantumkan penulis dan sumber sebagai bentuk amanah ilmiah dan penghargaan atas karya dakwah.





