Khutbah Jumat NU Maulid Nabi PDF Bahasa Jawa: Hukum dan Cara Merayakan Maulid Nabi Muhammad

Maulid Nabi Muhammad SAW New
Maulid Nabi Muhammad SAW New

Sementara niku, Imam Jalaludin As Suyuti dalam kitab al-Hawi lil Fatawi, juz 1 halaman 230 jelasaken bilih peringatan maulid Nabi meniko ingkang sae diisi kalian kegiatan ingkang nunju’aken syukur wonten ngarsanipun Allah atas kelahiran Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Kados maos Al Qur’an, sedekah ten tiang fakir miskin, nyenengaken keluarga kelawan syukuran, maos sejarah perjuangan, tindak lampah, keteladaan lan pujian marang Kanjeng Nabi kados maos kitab Barzanji lan kitab Burdah. Tujuanipun mboten sanes supados kito saget nyontoh perilaku Nabi, sehinggo manah lan pikiran kito saget ngelampahi kesaenan kagem sangu benjang wonten ing akhirot.

Bacaan Lainnya

Jamaah shalat Jumat hafidhakumullâh,

Pripun sejatosipun perayaan Maulid Nabi Muhammad SAW? Wonten hal penting wonten perayaan maulid Nabi yoiku ungkapan raos syukur kito atas rohmatipun Alah SWT ingkang agung sanget kangge alam semesta. Yoiku kelahiran kanjeng Nabi Muhammad SAW. Kelahiranipun kanjeng Nabi termasuk rohmat ingkang Agung sanget. Imam Hakim ngeriwayataken hadis wonten kitab Mustadrak Shahihain, Juz 1 halaman 91. Nabi gendikan:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنَّمَا أَنَا رَحْمَةٌ مُهْدَاةٌ

He.. menungso, aku iki rohmat sing dihadiahno Allah kanggo siro kabeh,”

Jamaah shalat Jumat hafidhakumullâh,

Keranten meniko, wonten ing kesempatan ingkang bahagia meniko yoiku wulan kelahiran kanjeng Nabi Muhammad SAW, monggo kito nyontoh sedoyo tindak lampah Kanjeng Nabi supados dados tiang ingkang bejo dunyo ngantos akhirot benjing.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA…

Pos terkait