Khutbah Jumat Bahasa Jawa PDF Tentang Sifat Rasulallah Bukan Seorang Pendendam, Singkat Padat Penuh Makna

Ilustrasi Nabi Muhammad SAW
Ilustrasi Nabi Muhammad SAW

Salah setunggal sifat Rasulallah ingkang kedah kito contoh inggih meniko manah ingkang jembar anggenipun nyepuro marang kesalahan.

Kanjeng Nabi selami gesang ngalami ujian ingkang katah sanget, utaminipun naliko ing mongso dakwah awal. Kanjeng Nabi nate di ino-ino, difitnah, bahkan nate dilempar kale kotoran, termasuk kanjeng Nabi kajenge dipateni kalih tiang kafir. Saking persitiwa luar biasa meniko saget dipun pendet hikmahipun.

Bacaan Lainnya

Rasulallah pernah difitnah gila keranten nyeritaaken barang ingkang mustahil kangge logikanipun niang musyrik. Kanjeng Nabi ugi nate dipun rayu kalian dunyo, wanito supados leren anggenipun dakwah, nate dicekik naliko ibadah wonten sekitar Ka’bah, nate dilempar watu kanti medal getihipun naliko hijrah ten Rhaif, bahkan kanjeng Nabi dubuntuti musuh kajenge dipenggal sirahipun.

Saking kejadian meniko Kanjeng Nabi saget ngadepi kelawan kuat lan sabar. Kanjeng Nabi tetep istiqomah manahipun kelawan prinsip-prinsip tauhid ingkang diyakini, mbagusi akhlak masyarakat ingkang rusak, lan dandani kehidupan manungso ingkang langkung sae, ingkang langkung manusiawi.

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Naliko Islam mulai ngetingalaken kemenanganipun, pengikut Islam soyo tambah, lan proses hijrah ten Madinah ngetingalaken umat Islam langkung kuat. Waktu niku masyarakat Quraisy keweden bakal kalah saking pasukan umat Islam.

Puncakipun tahun 630 hijriyah, sejak Perjanjian Hudaibiyah dilanggar kaum musyrikin Quraisy. Perjanjian Hudaibiyah ingkang isinipun kesepakatan perang dirusak lan otomatis umat Islam ngeluruk tiang-tiang Kafir Quraisy.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait