Khutbah Jumat Maulid Nabi Singkat Bahasa Jawa: Bagaimana Cara Mencintai Nabi Muhammad SAW?

Cara Mencintai Nabi Muhammad SAW
Cara Mencintai Nabi Muhammad SAW

Selajeng menopo, ingkang kedah kito conto, kito tiru saking tindak lampahipun kanjeng nabi? Jawaban ipun katah sanget. Malah-malah sedoyo prilaku, sedoyo tindak danduk, toto kromo soho toto-coro gesang, sedoyo kolowau sampun dipun contoaken deneng kanjeng nabi. Kanjeng nabi sampun paring petunjuk katah sanget dumateng kito, kados pundi carane gesang bermasyarakat? kados pundi carane berkeluarga? Ngantos-ngantos dospundi coronipun mimimpin masyarakat.

Salah setunggalipun conto, Magayutan kalian dospundi kito gesang bermasyarakat, kanjeng nabi sampun katah sanget paring dawuh, anatawis ipun inggih meniko:

Bacaan Lainnya

مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللهِ وَاْليَوْمَ الأخِرَ فَاليُكْرِمْ جَارَهُ

 Sopo wonge iman marang Allah dan dino akhir yakni dino qiyamat mongko mulyakno tonggo”.

Dawuh kanjeng nabi meniko, kanti jelas paring pangertosan bilih sinten tiyang ingkang iman dateng Allah persasat kedah mulyaaken dateng tonggo, kedah sae dateng tonggo, kedah rukun kaleh tonggo. Mulyaaken tonggo mboten amargi dipun servis ananging mulyaaken tonggo amargi nglaksanaaken printahipun Allah.

Jamaah jumah ingkang minulyo,

Perlu dipun mangertosi bilih, nderek tindak lampahipun kanjeng Nabi, nglaksanaaken perintah-perintahipun kanjeng Nabi, kados dawuh kolowau, niru prilaku-prilakunipun kanjeng Nabi, meniko dipun hukumi sami kaliyan demen utawi seneng dateng kanjeng nabi. Kanjeng Nabi sampun dawuh (hadits marfu’) bilih:

مَنْ أَحْيَا سُنَّتِي  فَقَدْ أَحَبَّنِي  وَمَنْ أَحَبَّنِي كَانَ مَعِي فِي اْلجَنَّةِ

 Sopo wonge ngurip-ngurip/nglakoni sunnahku mongko persasat deweke wus demen marang aku, sopo wonge demen marang aku, mongko mbesok bareng karo aku neng swargo”

Jamaah jumah ingkang minulyo,

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait