Rezeki Orang Beriman dan Bertakwa, Khutbah Jumat Bahasa Jawa PDF Terlengkap

Ilustrasi Rezeki
Ilustrasi Rezeki

Rezeki utowo nikmat ingkang mboten saget kito etang setunggal-setunggalipun meniko kedah dipun kito syukuri supados Allah mangke tansah nambahi nikmat dateng kito sedoyo. Ampun kito mlebet wonten ing golonganipun tiang ingkang dipun wales olo utowo dipun laknat kranten mboten saget syukur dateng nopo ingkang dipun paringaken dateng kito sedoyo.

Allah swt sampun dawuh wonten ing Qur’an surat Ibrahim ayat pitu:

Bacaan Lainnya

   وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكُمْ لَىِٕنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ وَلَىِٕنْ كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ  

Artosipun: “lan elingno, nalikone Pengeran iro paring sumurup ono ing kitab: ‘Saktemene menowo siro podo syukur, yekti Ingsung nambahi nikmat marang siro, dene yen siro kafir, satemene siksan Ingsun iku sayekti banget lorone”.

Maasyiral Muslimin sidang Jumat ingkang kawulo hormati

Moko niku, anggenipun mbahas rezeki wonten ing dunyo meniko ampun namung dipun etang model matematika mawon. Rezeki meniko mboten setunggal ditambah setunggal dadosipun kalih. Nanging setunggal ditambah setunggal saget dados kalih, tigo, sewelas lan ugi saget dados nol. Sedoyo niku sampun dipun atur deneng Allah swt. Kito namung kedah ikhtiar nglakoni kalian tawakkal pasrah lan ndungo mugi Allah pinaringan rezeki ingkang barakah dateng kito sedoyo.

Meniko katah contoh wonten ing lingkungan kito sedoyo arupi tiang ingkang nyambut damel mboten ningali wekdal. Mulai enjing dumugi ndalu, dumugi enjing malih, nanging anggenipun nyambut damel mboten ngasilaken ingkang katah lan nyekapi dateng nopo ingkang dipun kersaaken. Naging sakwangsulipun, katah tiang ingkang nyambut damelipun santai, mboten ngoyo, saget ibadah kalian tenang, nanging rezekinipun lancar lan katah. Keluarganipun ugi sami sehat, ayem, lan anteng sedoyo.

Niki-niki dados renungan kito sedoyo, dene nyambut damel pados rezeki niki kedah dipun niati kangge sangu ngibadah. Ampun saksampunipun kita nyambut damel lan angsal rezeki, kito malah mboten nindaaken kewajiban ibadah alias ninggalaken ingkang dados pokoke gesang wonten ing alam dunio.

Rasulullah sampun dawuh wonten ing hadits ingkang dipun riwayataken saking  Imam Tirmidzi:

   عَنْ عُمَرَ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ قَالَ:سَمِعْتُ رَسُولَ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَقُولُ:لَوْ اَنَّكُمْ تَتَوَكَّلُونَ عَلَى اللهِ حَقَّ تَوَكُّلِهِ لَرَزَقَكُمْ كَمَا يَرْزُقُ الطَّيْرَ, تَغْدُو خِمَاصًا وَتَرُوحُ بِطَانًا

Hadits meniko ngengetaken dateng kito sedoyo bilih menawi kito tawakkal, yekti Allah bakal paring rizeki dateng kito kados Allah nyukani rezeki dateng manuk. Manuk meniko mboten gadah raos was-was nopo rezeki dinten meniko. Manuk namung tandang makaryo wiwit enjing dugi sonten. Bidal medal kalihan weteng ngeleh, nanging saget wangsul kalihan weteng wareg angsal rezeki saking Allah swt.  

Maasyiral Muslimin sidang Jumat ingkang kawulo hormati

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait