Ing kesempatan dinten punika kita badhe sinau saking kewan ciptaan Allah inggih punika tawon madu lan laler. Kita sampun lumrah sumerep tawon madu lan laler, nanging kathah tiyang ingkang mboten berfikir punapa sebanaripun hikmah diciptaan kewan kalih punika.
Tawon madu gampil sanget kangge angsal sekar sanadyan panggenanipun tebih ing seberang segoro. Lan laler ugi gampil sanget manggihaken sampah lan gandanipun busuk sanadyan ditutupi rapet. Hal punika keranten Allah ndamel karakter kewan kalih punika benten.
Sepindah: Karakter Alamiyah
Karakter alamiyah tawon madu inggih punika tansah madosi sari sekar (kesaenan), sanadyan kawontenan susah, angel lan ngelak saha luwe, mila tawon madu namung menclok ing kelopak sekar lajeng madosi sarinipun mawon, mboten madosi ingkang sanesipun.
Malah ing ndalem kawontenan susah lan angel kados punika, piyambakipun mboten nate ngrusak sekar, ranting lan dahan. Benten kaliyan laler ingkang karakter alamiyahipun madosi sampah utawi papan reged (keburukan). Mila dinten-dinten dipuntelasaken namung kangge madosi sampah lan ingkang reged saha ganda (bau) busuk.
Kaping kalih: Karakter Amaliyah
Karekter amaliyah inggih punika karakter nyambut damel lan kerja sama. Kita tingali kados pundi tawon madu bangun sarang piyambakipun, tersusun rapi lan teratur sanadyan piyambakipun mboten ngangge alat ukur, susunan bangunanipun ketata endah (heksagonal) susunan bangunan ingkang kokoh sanget.
Punika termasuk keajaiban ingkang Allah paringaken dhateng tawon madu. Lajeng piyambakipun sedaya nyambut damel cocog kaliyan tugas lan fungsi piyambak-piyambak, tanpa males lan lelah, tanpa wonten iri lan dengki, tanpa pamrih lan sakit ati, tanpa ngelak pujian lan sanjungan, sadayaning piyambakipun sedaya lampahaken demi kebersamaan lan kelangsungan gesang lan keturunanipun.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..