4 Penyesalan Orang yang Sudah Meninggal – Khutbah Jumat Singkat PDF (B. Jawa)

Ilustrasi Penyesalan Orang yang Sudah Meninggal
Ilustrasi Penyesalan Orang yang Sudah Meninggal

MUKADDIMAH KHUTBAH JUMAT

   الحَمْدُ للهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ  أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اجْتَنِبُوْا كَثِيْرًا مِّنَ الظَّنِّۖ اِنَّ بَعْضَ الظَّنِّ اِثْمٌ وَّلَا تَجَسَّسُوْا وَلَا يَغْتَبْ بَّعْضُكُمْ بَعْضًاۗ اَيُحِبُّ اَحَدُكُمْ اَنْ يَّأْكُلَ لَحْمَ اَخِيْهِ مَيْتًا فَكَرِهْتُمُوْهُۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ تَوَّابٌ رَّحِيْمٌ (الحجرات: ١٢) 

Jamaah sidang Jumat rahimakumullah

Bacaan Lainnya

Sumangga kita tansah muji syukur dhumateng Allah subhanahu wata’ala. Keranten, kelawan limpahan nikmat kesehatan kita saged ibadah shalat jemuwah kanthi berjamaah. Amargi, mungkin mawon taksih wonten sadherek-sadherek kita ingkang sakit, sehingga kepekso mboten saged ngelampahi ibadah shalat jemuwah.

Shalawat lan salam mugi-mugi tansah kunjuk katur dhateng Nabiyullah Muhammad Shallallahu ‘alaihi wasallam ingkang kita ajeng-ajeng syafaatipun benjang wonten ing yaumil qiyamah.

Jamaah sidang jemuwah rahimakumullah

Wonten ing dinten ingkang kebak kaliyan berkah punika, khatib berwasiat: sumangga kita ningkataken takwa dhateng Allah subhanahu wata’ala kelawan dzikrul maut, ngemut-emut pejah.

Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam nate ngemutaken lebet sabdanipun,

 أَكْثِرُوا ذِكْرَ هَاذِمِ اللَّذَّاتِ يَعْنِي الْمَوْتَ

“Sering-seringo eling perkoro kang medhot nikmat, yaiku pati.” (HR. at-Tirmidzi No. 2229)

Pejah punika mesthi dugi. Pejah inggih punika pisahipun ruh saking raga. Saben tiyang mesthi ngalami pejah. Kados dawuhipun Allah subhanahu wata’ala,

 كُلُّ نَفْسٍ ذَاۤىِٕقَةُ الْمَوْتِۗ

“Kabeh sing ono nyowone bakal negsakne pati,” (QS. Ali Imran: 185)

Jama’ah sidang jum’at ingkang dirahmati Allah

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait