Khutbah Jumat Awal Bulan Dzulhijjah PDF Bahasa Jawa: Tarbiyah di Bulan Dzulhijjah

Ilustrasi Bulan Dzulhijjah
Ilustrasi Bulan Dzulhijjah

Akèh-akèhé ahli tafsir (ing antarané Ibnu Abbas, Abdullah bin az-Zubair lan Mujahid) nafsiraké yèn tegesé “sepuluh bengi” iku sepuluh dina pisanan ing sasi Dzulhijjah. Sumpahipun Allah Subhaanahu Wa Ta’aala kala wau nedahaken kaluhuran lan kautamanipun. (Tafsir Ibnu Katsir lan Zaadul Maad).

Imam Ibnu Katsir Rahimahullah njelasaken maknanipun:

Bacaan Lainnya

وَاللَّياَلِي الْعَشْرُ: المُرَادُ بِهَا عَشْرُ ذِي الْحِجَّةِ. كَمَا قَالَهُ ابْنُ عَبَّاسٍ وَابْنُ الزُّبَيْرِ وَمُجَاهِدٌ وَغَيْرُ وَاحِدٍ مِنَ السَّلَفِ وَالْخَلَفِ

(Lan demi sepuluh bengi): tegese sepuluh dina (pisanan) Dzulhijjah. Kaya sing diomongake dening Ibnu Abbas, Ibnu Az Zubair, Mujahid lan sawetara ulama liyane saka kalangan Salaf lan Khalaf. (Tafsir Quran Al Azim)

Rasulullah SAW dawuh:

مَا مِنْ أَيَّامٍ الْعَمَلُ فِيهِ أَفْضَلُ مِنْ عَشَرِ ذِي الْحِجَّةِ، قِيلَ: وَلا الْجِهَادُ فِي سَبِيلِ اللَّهِ؟ قَالَ :« وَلاَ الْجِهَادُ فِى سَبِيلِ اللَّهِ إِلاَّ رَجُلٌ خَرَجَ بِنَفْسِهِ وَمَالِهِ ثُمَّ لَمْ يَرْجِعْ بِشَىْءٍ

 “Ora ana dina-dina kang tumindak becik iku luwih di ridhoi dening Allah Azza wa Jalla tinimbang dina-dina iki, yaiku dina kapisan nganti tanggal sepuluh Dzulhijjah. Para shahabat takon, Ya Rasulullah, sanajan dibandingake karo jihad fi sabilillah?Wangsulané, “Satemené, sanadyan iku dibandhingake jihad fi sabilillah, kajaba wong sing lunga karo nyawa lan bandha, banjur ora bali (mati syahid).

Ma’asyirol muslimin hafidzakumullah,

Kajawi amalan taqwa umumipun, Rasulullah ugi paring pitedah supados kita nindakaken amal taqwa mliginipun, inggih punika:

Ingkang kapisan, ngatahaken pasa

Rasululloh SAW bersabda:

مَا مِنْ أَيَّامٍ أَحَبُّ إِلَى اللَّهِ أَنْ يُتَعَبَّدَ لَهُ فِيهَا مِنْ عَشْرِ ذِى الْحِجَّةِ يَعْدِلُ صِيَامُ كُلِّ يَوْمٍ مِنْهَا بِصِيَامِ سَنَةٍ وَقِيَامُ كُلِّ لَيْلَةٍ مِنْهَا بِقِيَامِ لَيْلَةِ الْقَدْرِ. (رواه الترميذي وابن ماحه والبيهقي)

“Ora ana dina sing luwih disenengi dening Allah kanggo ibadah kaya sepuluh dina Dzulhijjah. Puasa ing wayah awan padha karo siyam setahun lan shalat ing wayah wengi iku padha karo shalat ing wengi lailatul qadar.”

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait