Khutbah Jumat Terbaru PDF Bikin Haru: Pentingnya Cinta Tanah Air (B. Jawa)

Ilustrasi cinta tanah air
Ilustrasi cinta tanah air

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِىْ جَعَلَ الْاِسْلَامَ طَرِيْقًا سَوِيًّا، وَوَعَدَ لِلْمُتَمَسِّكِيْنَ بِهِ وَيَنْهَوْنَ الْفَسَادَ مَكَانًا عَلِيًّا. اَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَرْسَلَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا بَيْنَ يَدَيِ السَّاعَةِ. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا محمد وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، قَالَ اللهُ تَعَالَى : بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Bacaan Lainnya

Hadirin Jamaah Jumat RahimakumulLah

Monggo sami netepi lan ningkataken takwo dumateng Gusti Allah kanti tansah nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun ing panggenan pundi kemawon, samar utawi terang, rame utawi sepi.

Amergi kelawan takwo kito sedoyo bakal pikantuk kabegjan lan selamet dunyo akherat, makempal kaliyan tiyang-tiyang ingkang shalih lan mulyo kranten taat dumateng perintahe Gusti Allah. Gusti Allah dawuh:

وَلَقَدْ كَرَّمْنَا بَنِىٓ ءَادَمَ وَحَمَلْنَٰهُمْ فِى ٱلْبَرِّ وَٱلْبَحْرِ وَرَزَقْنَٰهُم مِّنَ ٱلطَّيِّبَٰتِ وَفَضَّلْنَٰهُمْ عَلَىٰ كَثِيرٍۢ مِّمَّنْ خَلَقْنَا تَفْضِيلًا

Artosipun: Temen wis ingsun mulyoaken anak turun Nabi Adam lan wis ingsun emot (angkut) ingdalem daratan lan segoro, lan ingsun paring saking rejeki kang sae lan ingsun unggulaken kanti sempurno tenimbang makhluk lintu (Al-Isra: 70)

Wonten kitab Mafatih al-Ghaib anggitanipun Imam ar-Razi disebataken bilih ingkang dipun maksud حَمَلْنَاهُمْ meniko ngangkat lan mbeto menungso ngeliwati daratan lan lautan. Tegese Gusti Allah nundukaken daratan lautan kagem menungso supados saget manfaataken nopo kimawon ing daratan lan lautan.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait