Contoh Teks Khutbah Jumat Spesial Bulan Safar PDF Terbaru: Bulan Safar Bukan Bulan Sial (B. Jawa)

Bulan Safar
Bulan Safar

Ibnu Katsir naliko nafsiraken Serat at-Taubah Ayat 36 ingkang ngginemaken bab wicalan sasi lebet sa warsa, njlentrehaken bilih nami shafar kekait kaliyan aktivitas masyarakat arab rumiyin.

Shafar artosipun kosong. Dipunwastani mekaten amargi ing sasi kasebat masyarakat kala meniko berbondong-bondong medal mengosongkan daerahipun, baik kangge perang utawi dados musafir.

Bacaan Lainnya

Rasulullah piyambak nampik anggepan negatif masyarakat jahiliah tentang sasi sapar kaliyan lelampahan ingkang positif. Habib abubakar al-‘adni lebet Mandhûmah Syarh al-Atsar fî mâ Warada ‘an Syahri Shafar jelentrehaken bilih pinten-pinten peristiwa penting ingkang dipun alami Nabi kedados ing sasi Sapar.

Ing antawisipun, Kanjeng Nai nikah kaliyan sayyidah khadijah sasi Sapar, nikahaken putrinipun Sayyidah Fatimah kaliyan Ali bin Abi Thalib, ngantos enggal hijrah saking makkah dhateng madinah.

Artosipun, Rasulullah mbantah keyakinan masyarakat jahiliah sanes namung kalih argumentasi nanging ugi pembuktian kangge dhiri piyambakipun. Kaliyan nglampahaken hal-hal sakral lan penting ing sasi sapar, Nabi kadosipun gadhah pesen menawi sasi sapar mboten benten saking bulan-bulan sanesipun.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Manungsa dipunperintah kangge senantiasa nglampahaken proses-proses lan tahapan-tahapan ingkang lumrah. Islam meniko agami ingkang menghargai sanget fungsi akal sehat.

Keranten meniko, saben pandamelan dipunanjuraken supados dipun rencanaaken ingkang mateng lan ikhtiar ingkang maksimal. Salajengipun kito dungo lan pasrah total dhateng Allah.

Sial utawi begja meniko kelanjutan saking proses lan tahap kasebat, sanes ing mitos-mitos khayal ingkang mboten masuk akal. Supados kito bebas saking penyakit, manungsa dipun perintah supados gesang resik lan ngendhani pengidap penyakit menular.

Supados selamet saking bangkrut, pedagang disaranaken ndamel perhitungan ingkang teliti lan atos-atos. Supados lulus ujian, pelajar kedah sinau kaliyan saestu. lan sapiturutipun.

Nolak wontenipun “sasi sial” lan “sasi begja” nakal ngateraken kito dados pribadi ingkang wajar. Mboten males ikhtiar amargi rumaos saben dintenipun mesthi kebak kabegjan. Ugi mboten was-was amargi dihantui dinten-dinten kebak sial.

Minongko kawulo, manungsa didorong kangge berencana, berjuang, lan ndongo; sawentawis ketentuan kasil punpasrahaken dhateng Allah. Kelawan mekaten, wanci panen kasil, kito tetep bersyukur; lan kala ngalami gagal, kito mboten lajeng putus asa.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait