Contoh Khutbah Jumat Maulid Nabi Bahasa Jawa PDF: Bergembira di Bulan Maulid

ilustrasi nabi muhammad saw terbaru
Ilustrasi Nabi Muhammad SAW

Wonten Jum’at meniko, kito sampun melebet wulan Rabiul Awal ingkang dipun wastani wulan maulid Nabi. Katah tiyang ingkang sami ngerayaaken maulid keranten bebungah kaliyan Kanjeng Nabi.

Antawisipun perayaan maulid kados dene maos maulid barzanji, diba’an, tarikh Rasul lan sakpitunggalane.

Bacaan Lainnya

Sinaoso mekaten, ngerayaaken maulid kedah njalur kaliyan aturan agomo. Tegese perayaan meniko kedah dipun isi amal kesaenan, mboten saget dipun isi kaliyan kegiatan munkar, maksiat ingkang sasar lan nyasaraken.

Amergi Gusti Allah lan poro malaikat maos shalawat lan salam kagem Kanjeng Nabi. Gusti Allah dawuh:

إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا 

Artosipun: Saktemene Gusti Allah lan poro Malaikat moco sholawat kagem Nabi, Hei, wong-wong kang podo iman, podo mocoho sholawat kagem Nabi lan ngucapo salam kagem Nabi. (QS. Al-Ahzab[33]: 56).

Ayat meniko negesaken bilih Kanjeng Nabi nggadah keistimewaan ingkang makhluk lintu mboten nggadah ngantos angsal sholawat lan salam saking Gusti Allah lan poro malaikat.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait