Khutbah Jumat Terbaik PDF: Rencana Allah Adalah Rencana Yang Paling Indah (Jawa)

Ilustrasi Berdoa Kepada Allah SWT
Ilustrasi Berdoa Kepada Allah SWT

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

الْحَمْدُ للهِ الّذِيْ وَعَدَ لِلصَّابِرِيْنَ وَالشَّاكِرِيْنَ جَزَاءً مَوْفُوْرًا. أَشْهَدُ أَنْ لَاإلهَ إلَّا اللهَ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ إِلَى كَافَّةِ الْخَلْقِ شَاهِدًا وَمُبَشِّرًا وَنَذِيْرًا

اللهم صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا

Bacaan Lainnya

أَمَّا بَعْدُ: يَا مَعْشَرَ الْمُسْلِمِيْنَ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ. فَإِنَّهُ قَالَ فيِ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: وَمَنْ يَتَّقِ  اللهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبْ

Jama’ah sidang jum’at ingkang dirahmati allah

Sumangga kita sareng-sareng ningkataken kuwalitas iman lan taqwa kita dhateng Allah SWT kelawan menyandarkan sedaya kekajengan lan hawa nafsu dhateng Islam.

Wonten ing kesempatan siyang dinten meniko khotib badhe mbektakaken setunggal judul khutbah inggih meniko rencana allah inggih meniko rencana ingkang paling endah.

Masyiral muslimin rahima kumullah..

Saestunipun ing inggil kekajengan kita, wonten kekajengan Allah. Lan ingkang mesthi kedados inggih meniko kekajengan Allah. Ing inggil rencana kita wonten rencana Allah, lan ingkang mesthi kedados inggih meniko rencana Allah SWT.

Estu, menopo ingkang Allah paringaken dhateng hamba-hambanipun inggih meniko ingkang paling sae kangge piyambakipun. Malah sanadyan kita katah dosa-dosanipun, bahkan mungkin dosa-dosa kita kasebat sampun ngebaki langit lan bumi Allah tetep paring ingkang paling sae kangge kita.

Namung mawon, kita asring lepat lebeting mangertosi saben kedadosan. Menopo mawon ingkang kita kajengi kita anggep sae padahal kekajengan meniko awon kangge kita. Mila allah mboten ngabulaken kekajengan kita, amargi Allah namung maringi ingkang paling sae kangge kita.

Estu, perjalanan gesang manungsa mboten tansah cocog pangajeng-ajeng, kadhang-kadhang setunggaling tiyang manungsa kedah ngelampahi dalan gronjalan lajeng sasampunipun manggihi dalan alus.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait