Kelebet ibadah siyam ing sasi Rejeb dipunanjuraken sanget, Rasulullah S.A.W bersabda:
إِنْ أَرَدْتُمُ الرَّاحَةَ وَقْتَ الْمَوْتِ مِنَ الْعَطْشِ وَالْخُرُوْجَ مَعَ الْأِيْمَانِ وَالنَّجَاةَ مِنَ الشَّيْطَانِ * فَاَخْتَرِمُوْا هَذِهِ الشُّهُوْرَ كُلَّهَا بِكَثْرَةِ الصِّياَمِ وَالنَّدَمِ عَلَى مَا سَلَفَ مِنَ الْأَثَامِ وَاذْكُرُوْا خَالِقَ الْأَنَامِ تَدْخُلُوْا جَنَّةَ رَبِّكُمْ باِلسَّلاَمِ
Menawa siro kabeh pengin tenang nalika mati soko ngelak, lan metu soko donyo nggowo Iman, uga slamet soko syaithan, mula mulyakno sasi-sasi mulya iki karo poso, nggetuni dosa-dosa kang wis keliwat, akeh-akehno dzikir marang sang pancipta makhluq, mulo siro kabeh arep mlebu menyang swargo pengeranmu kelawan slamet.
Hadirin jama’ah jum’ah rahimakumullah
Midherek hadits kasebat, mulyaaken sasi rejeb meniko, Allah bakal paring anugerah ketetapan Iman, lan pungkasanipun mlebet suwarga kaliyan wilujeng.
Diriwayataken saking shahabat Tsauban, menawi setunggaling dinten Tsauban sareng Rasulullahi sallallahu ‘alaihi wa sallam, ngelewati setunggaling kuburan, ndadak Rasulullahi sallallahu’ alaihi wa sallam mendel, lajeng berdo’a kalih nangis.
Sahabat Tsauban tanglet dhateng Rasulullah: wahai rasulullah, kenging menopo panjenengan mendel lan nangis?
Rasulullahi sallallahu ‘alaihi wa sallam mangsuli: Wahai Tsauban, Poro ahli kubur ing alam kubur iki lagi disikso, terus aku ndungo kanggo dheweke, terus Allah ngeringanke sikso dheweke.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..