Khutbah Jumat Ramadhan Terbaru Tahun Ini: Bersiap Menyambut Tamu Agung Ramadhan (B. Jawa)

khutbah jumat ramadhan terbaru tahun ini
Ilustrasi Bulan Ramadhan

Rasulullah SAW., sampun wanti-wanti dhateng umatipun menawi sasi Ramadhn badhe dugi mila monggo kita sambut duginipun kaliyan bebungah kados dene nyambut tamu agung utawi kekasih ingkang sampun lawas dipuntresnani duginipun.

Selain kita menyambut Ramadhan kaliyan kebak bebungah, ugi kedahipun kita ndonga dhateng Allah SWT.,

Bacaan Lainnya

 اللَّهُمَّ سَلِّمْنِي إِلَى رَمَضَانَ وَسَلِّمْ لِي رَمَضَانَ، وتسلَّمه مِنِّي مُتَقَبَّلًا

“Dhuh Allah, mugi karsaa nglempakaken kula ing wulan Ramadhan, lan kirimaken Ramadhan dhateng kula, lan pikantuk amal kula ing Ramadhan” (Abdurrahman an-najdi, wadhâ`ifu Ramadhân, 11).

Selain punika, kita ugi nyuwun supados Allah Swt., maringii kekiyatan fisik lan mental supados saged nglampahaken ibadah siyam kaliyan penuh semangat.

Maasiral muslimin jamaah jum’at rahimakumullah

Wulan Ramadhan minangka wulan ingkang gadhah kaluwihan piyambak-piyambak wonten ing agami Islam, amargi wonten ing wulan Ramadhan Allah SWT majibaken siyam. Ing Al-Qur’an surat Al-Baqarah ayat 183, Allah SWT ngandika:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ

“He wong-wong kang padha iman! Pasa iku diwajibake marang sira kaya kang wus diwajibake marang wong-wong sadurunge sira, supaya sira padha taqwa”.

Tujuan pasa inggih punika:

لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ

Supados panjenengan sedaya dados tiyang ingkang taqwa

Kalimat لَعَلَّ wonten ing Al-Qur’an ingkang qailipun Allah SWT., mila tegesipun boten namung pangajeng-ajeng, ananging dados kepastian. Tegesipun yen tiyang mukmin nindakaken pasa kanthi sae lan leres, mesthi bakal dadi wong taqwa.

Manungsa ingkang taqwa menika manungsa ingkang paling mulya wonten ngarsanipun Allah SWT. Firman Allah SWT:

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait