Khutbah Jumat Ramadhan Terbaru Tahun Ini: Bersiap Menyambut Tamu Agung Ramadhan (B. Jawa)

khutbah jumat ramadhan terbaru tahun ini
Ilustrasi Bulan Ramadhan

انَّ اَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللّٰهِ اَتْقٰىكُمْ

Satemene wong kang paling mulya ing ngarsanipun Allah yaiku wong kang paling taqwa. (QS. Al-Hujurat: 13)

Bacaan Lainnya

Dados Ramadhan punika kawah CANDRADIMUKA ingkang saged ngolah manungsa, saking manungsa lbiasa utawi manungsa ingkang dosa, dados manungsa ingkang mulya wonten ngarsanipun Allah SWT.

Jamaah Maasiral Muslimin Jum’at Rahimakumullah

Saderengipun mungkasi Khutbah Jum’at menika, sumangga kita mirsani cariyos ing ngandhap menika:

Nalika Rasulullah SAW badhe khotbah lan minggah mimbar, Rasulullah SAW ngucap Aamiin kaping 3 (Aamiin aamiin aamiin).

Sasampunipun khutbah wonten salah setunggal sahabat tanglet, Wahai Rasulullah, kenging menapa panjenengan ngucap amin ping 3?

Kanjeng Nabi mangsuli, Wahai para sahabat, weruhono siro kabeh yen aku kerungu Malaikat ndungo kaping 3 lan aku ngamini kaping 3.

Banjur sahabat tanglet malih, Wahai Rasulullah, doa punapa ingkang dipunwaos Malaikat? Rasululloh paring piwangsulan, he para sahabat, ngertia dunga Malaikat kang kapisan: “Dhuh Allah, ampun katampi pasanipun tiyang Islam ingkang durhaka dhateng tiyang sepuh, ngantos nyuwun pangapunten dhateng kekalihipun.

Doa Malaikat kaping kalih: “Dhuh Allah, mugi sampun ngantos nampi pasaipun sumai istri ingkang boten saling paring pangapunten.”

Do’a malaikat nomer telu: “Dhuh Allah, mugi sampun ngantos nampi pasanipun tiyang muslim ingkang mboten saling memaafkan kaliyan kanca-kancanipun, tangga-tangga, sederek utawi kerabatipun.

Jamaah Maasiral Muslimin Jum’at Rahimakumullah

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait