Teks Khutbah Jumat Ramadhan Singkat PDF: Enam Adab Puasa Menurut Imam Al Ghazali (B. Jawa)

ilustrasi bulan ramadhan kareem
Ilustrasi Bulan Ramadhan Kareem

Tamtu mawon mboten namung kualitas ibadah siyam kita dados mandhap akibat dusta lan bersumpah palsu, nanging ugi kita badhe angsal dosa ingkang langkung ageng. Hal kasebat sakepripun disinggung Rasulullah lebet haditsipun ingkang diriwayatkan dening at-Thabrani, kirang langkung mekaten:

 فَاتَّقُوا شَهْرَ رَمَضَانَ فَإِنَّ الْحَسَنَاتِ تُضَاعَفُ فِيهِ وَكَذَلِكَ السَّيِّئَاتُ

Bacaan Lainnya

Artosipun: “Wediho siro kabeh kelawan sasi pasa, mergo ing sasi pasa, kebagusan bakal dilipatgandakan, termasuk doso ugi dilipatgandakan.”

Jamaah jemuwah hafidhakumullah

Kaping gangsal, mboten ngelarani tiyang sanes. Ngelarani tiyang sanes baik kaliyan fisik utawi ucapan inggih punika lampahan tercela. Saben lampahan tercela berdampak langsung kaliyan kualitas ibadah siyam kita.

Ibadah siyam ingkang kita lampahi susah payah kaliyan nahan ngelak lan luwe mulai enjing ngantos maghrib, bakal sia-sia tanpa pahala menawi kita mboten kuwawi nahan dhiri saking perbuatan-perbuatan ingkang saged ngelarani tiyang sanes. Ngelarani tiyang sanes inggih punika kezaliman lan termasuk kemaksiatan.

Pramila, kepripun wigatosipun tansah ngemut-emut menawi ing lebeting sasi pasa kita saestu kedah saged njagi lesan supados mboten sapisan-pisan kangge ngelarani tiyang sanes kados memfitnah, moyoki lan sanes sanesipun.

Kaping enem, njagi anggota badan saking sedaya macem lampahan awon. Utaminipun ing sasi pasa, kedahipun kita angsal njagi tangan kita supados mboten kita angge kangge maksiat kados njotos tiyang sanes utawi nyolong, lan sanesipun.

Suku ugi kedah kita jagi sasae mungkin kaliyan mboten kangge kesah dhateng panggenan-panggenan tertamtu kangge lampah maksiat lan sanesipun. Mekaten ugi mripat lan kuping kita kedahipun tansah kita jagi sasae-saenipun supados mboten kita angge kangge nglampahaken lampahan maksiat ingkang dosanipun dilipatkan lebeting sasi suci punika.

Intinipun, sampun nagntos kita siyam nanging mboten angsal punapa-punapa kejawi ngelak lan luwe mawon amargi kathah nglanggar unggah-ungguhing siyam kados kang dikhawatiraken Rasululllah shallallahu ‘alaihi wasallam lebet setunggaling hadits ingkang diriwayatkan Imam Ahmad:

 كَمْ مِنْ صَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ صِيَامِهِ إلاَّ اْلجُوْعُ وَاْلعَطَسُ

Artosipun : “Akeh wong poso, nanging deweke kabeh ora oleh opo-opo kejaba luwe lan ngelak.”

Jamaah jemuwah hafidhakumullah,

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait