Khutbah Jumat Akhir Ramadhan: Selamat Tinggal Ramadhan, Selamat Datang Hari Kemenangan (B. Jawa)

Ilustrasi Ramadhan Kareem
Ilustrasi Ramadhan Kareem

Kita gesangaken dalu akhir ing sasi Ramadhan kaliyan i’tikaf ing masjid, tadarus al qur’an, sholat sunnah, dzikir lan sanes sanesipun. Kaliyan bibaripun sasi Ramadhan, sasi ingkang kebak Rahmat lan ampunan, sasi nahan nafsu mila kita badhe mlebeti dinten kemenangan inggih punika dinten Riyadin Idul Fitri tanggal 1 Syawal 144…. H.

Dinten riyadin ingkang diperuntukkan kangge umat Islam sasampunipun nglampahaken siyam salami sa sasi kebak. Sakepripun nabi shallallahu ‘alaihi wasallam bersabda:

Bacaan Lainnya

 لِكُلِّ قَوْمٍ عِيْدٌ وَهذَا عِيْدُنَا (رواه البخاري وغيرُه)

Artosipun: “Saben kaum nduweni dina riyaya lan dina iki yaiku dina riyaya awake dhewe” (HR al-Bukhari lan Sanesipun).

Ing dinten Riyadin punika kita dipunwajibaken dening Nabi Muhammad SAW supados sami nyuwun pangapunten lan nyambung tali silaturahim ingkang sempet terputus. Sa-wangsulipun, kita dilarang kangge medhot silaturahim amargi kelebet salah setunggal dosa ageng. Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wasallam bersabda:

 لاَ يَدْخُلُ الْجَنَّةَ قَاطِعٌ (رواه البخاري)

Artosipun: “Ora bakal mlebu swarga (bareng wong-wong kang luwih awal mlebu swarga) wong kang memutus silaturahim”. (HR al-Bukhari lan Muslim).

Hadirin Rahimakumullah..

Pungkasanipun, ing dinten jemuwah pungkasan ing sasi Ramadhan punika sumangga kita persiapkan kalih bab ingkang pertami siap kangge dipuntilaraken sasi suci Ramadhan. persiapan kita lampahaken kaliyan ngatah-ngatahi ibadah ing detik-detik pungkasan Ramadhan.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait