Khutbah Jumat NU Online PDF: Syafaat Bagi Orang Yang Membaca Al Qur’an (B. Jawa)

Khutbah Jumat Selama Bulan Ramadhan 2022
Pelaksanaan Shalat Jumat

 تِلاَوَةُ القُرآنِ العَظِيْمِ مِنْ أفضَلِ العِبادَاتِ وأعْظَمِ القُرُباتِ وأجَلِّ الطاعاتِ وَفيْهَا أجْرٌ عَظِيمٌ وثَوَابٌ كَرِيْمٌ

Artosipun: Maos Al-Quran minongko dados salah setunggale ibadah paling unggul lan penggawe taqarrub paling agung lan penggawe taat paling ageng. Maos Al-Quran saget pikantuk ganjaran agung lan mulyo.

Bacaan Lainnya

Jamaah Jumat Ingkang Sami Bebungah

Al-Quran dados mukjizate Kanjeng Nabi Muhammad ingkang saget ngapesaken tiyang kafir lan saget paring pituduh ugi nyafaati tiyang Islam. Kanjeng Nabi dawuh:

اقْرَءُوا الْقُرْآنَ؛ فَإِنَّهُ يَأْتِي شَفِيعًا يَوْمَ الْقِيَامَةِ لِصَاحِبِهِ

Artosipun: mocoho Al-Quran, mongko saktemene Al-Quran bakal paring syafaat marang wong sing moco Al-Quran, sesok ing dino kiamat (HR. Ahmad)

Sinaoso mekaten, ampun ngantos kito supe kaliyan tata kramane maos Al-Quran, kados suci awake, panggenane, ngadep kiblat, nutup aurat, ndredeg nalikane maos ayat ingkang mertelaaken sikso lan bungah nalikane maos ayat ingkang mertelaaken nikmate Gusti Allah.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait