KHUTBAH JUMAT KE-1
اَلْحَمْدُ للهِ حَمْداً يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَه، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِي لِجَلَالِ وَجْهِكَ الْكَرِيْمِ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِك. سُبْحَانَكَ اللَّهُمَّ لَا أُحْصِي ثَنَاءً عَلَيْكَ أَنْتَ كَمَا أَثْنَيْتَ عَلَى نَفْسِك.
وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَه، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُه. خَيْرَ نَبِيٍّ أَرْسَلَه. أَرْسَلَهُ اللهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيرْاً وَنَذِيْراً. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَاماً دَائِمَيْنِ مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْن.
أَمَّا بَعْدُ فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا يَسْخَرْ قَوْمٌ مِنْ قَوْمٍ عَسَىٰ أَنْ يَكُونُوا خَيْرًا مِنْهُمْ وَلَا نِسَاءٌ مِنْ نِسَاءٍ عَسَىٰ أَنْ يَكُنَّ خَيْرًا مِنْهُنَّ ۖ وَلَا تَلْمِزُوا أَنْفُسَكُمْ وَلَا تَنَابَزُوا بِالْأَلْقَابِ ۖ بِئْسَ الِاسْمُ الْفُسُوقُ بَعْدَ الْإِيمَانِ ۚ وَمَنْ لَمْ يَتُبْ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الظَّالِمُونَ
Maasyiral muslimin rakhimakumullah,
Wonten ing kesempatan jemuwah ingkang mulia punika sumangga kita sareng-sareng nginggahaken Iman lan Takwa dhateng Allah SWT. Kaping kalih ipun kita buktikaken kaliyan nglampahaken sadayaning perintah Allah lan nebihi sedaya larangan Allah SWT.
Amargi, kaliyan Iman lan Takwa kita sami Insya Allah badhe wilujeng ing donya utawi ing akhirat benjang.
Wonten ing kesempatan khutbah jemuwah dinten punika, kita badhe maosaken khutbah kaliyan irah-irahan IKHLAS NAMPI HASIL PILKADA.
Hadirin jamaah jumah rahimakumullah,
Nembe mawon bangsa kita nglampahaken masa wigatos inggih punika pemilihan kepala daerah utawi Pilkada, baik niku pemilihan gubernur, bupati utawi wali kota secara serentak.
Momen punika dados wigatos sanget, amargi punika dados momentum kangge nemtukaken para pemimpin ingkang saged mbekta rakyatipun langkung makmur lan sejahtera. Bilih rakyat makmur lan sejahtera mila kita saged ngibadah kaliyan tenang, mila langkung gampil lebet njagi Iman lan Takwa dhateng Allah SWT.
Pramila, sintena pilihan kita, pilihan kita menang utawi kalah mila landasan ingkang paling utami inggih punika Iman lan Takwa, sehingga kita dados ikhlas lan Ridha kaliyan kasil pilkada ingkang enggal mawon dipunlampahaken.
Kaliyan sikap mekaten lah, Allah badhe ridha dhateng kita, dhateng pemimpin kita, lan dhateng negara kita. Lan punika lah kunci wiwiting keberkahan setunggaling negara.
Maasyiral muslimin rakhimakumullah,
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..