Allah berfirman lebeting al-qur’an serat Al-Hadid, ayat 22-23:
مَا أَصَابَ مِن مُّصِيبَةٍ فِي الأَرْضِ وَلاَ فِي أَنفُسِكُمْ إِلاَّ فِي كِتَابٍ مِّن قَبْلِ أَن نَّبْرَأَهَا إِنَّ ذَلِكَ عَلَى اللَّهِ يَسِير
Artosipun: “Saben musibah kang nimpa ing bumi lan kang nimpa jero awakmu dhewe, sakabehe wis katulis sajroning kitab (lauhul mahfuz) sadurunge kita mujudake. Tenane, kang mangkono iku gampang nggo Allah.”
Musibah inggih punika sedaya punapa-punapa ingkang tumibo, sae utawi awon. Napa mawon ingkang kedados ing bumi punika utawi ing dhiri kita piyambak inggih punika mboten sanes keranten saking takdir Allah.
Pilkada kita punika nggih mekaten. Allah sampun nggadhahi suratan takdir kangge kita. Allah nguji kita punapa kita ikhlas lebet nglampahaken takdir kita. Punapa kita ridha lebet nampi kasil usaha kita ing ndalem nglampahaken takdir punika.
Kangge Allah, menangaken sinten mawon niku perkawis ingkang gampil sanget. kita angsal mawon kaliyan tulus lan ikhlas merjuangaken kemenangan calon pemimpin kita.
Nanging kita ugi kedah ridha kaliyan kasilipun. Sampun ngantos kita malah kenging musibah awon amargi mboten Ridha ing ketetapan Allah.
لِكَيْلاَ تَأْسَوْا عَلَى مَا فَاتَكُمْ وَلاَ تَفْرَحُوا بِمَا آتَاكُمْ وَاللَّهُ لاَ يُحِبُّ كُلَّ مُخْتَالٍ فَخُور
Artosipun: “Supaya siro kabeh ora sedih ati karo apa kang luput saka siro kabeh, lan ora uga terlalu bungah karo apa kang Allah wenehake marang siro kabeh. Allah ora ndhemeni saben wong kang gumedhe lan mbungahake dhiri.” (QS al-Hadid: 23).
Lebeting Pilkada, pesen Allah ing ndalem ayat punika kedah kita cepeng kalian saestu. Kita kedah yakin menawi sadayaning proses Pemilu kita dan sedaya dinamikanipun punika sejalan kaliyan takdir Allah.
Maasyiral muslimin rakhimakumullah,
Kangge nglatih dhiri supados berprasangka sae dhateng Allah lan Ridha kaliyan keputusan Allah dhateng pilkada dinten punika, Allah ugi ngemutaken kita lebet QS. al-Baqarah: 216:
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..