Khutbah Jumat Pasca Pilkada Singkat PDF: Ikhlas Menerima Hasil Pilkada (Bahasa Jawa)

Ilustrasi Pilkada Serentak
Ilustrasi Pilkada Serentak

 وَعَسٰٓى اَنْ تَكْرَهُوْا شَيْـًٔا وَّهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْ ۚ وَعَسٰٓى اَنْ تُحِبُّوْا شَيْـًٔا وَّهُوَ شَرٌّ لَّكُمْ ۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ ࣖ

Artosipun: “Iso ugo kowe nyengiti apa-apa, padahal iku becik kanggomu lan iso ugo kowe ndhemeni apa-apa, padahal iku ala kanggomu. Allah mangerteni, dene kowe ora mangerteni.”

Bacaan Lainnya

Kita angsal mawon remen kaliyan takdir bilih estu pilihan kita ingkang menang lan pilihan tiyang sanes kalah. Nanging kedah emut, punika dereng tamtu sae kangge kita sami. Sa-wangsulipun, kita angsal mawon mboten remen amargi pilihan kita kalah, lan pilihan tiyang sanes ingkang menang. Nanging kita kedah emut, punika ugi dereng tamtu awon kangge negara kita. Allah lagi mucalaken kita, sadayaning perlu kontrol sesarengan.

Kangge ingkang menang, baik calon utawi pendukungipun sampun ngantos bebungah ngelewati wates. Amargi, Allah mboten temen dhateng tiyang-tiyang ingkang kelangkung-langkung

 اِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِيْنَࣖ

Semanten ugi ingkang kalah, baik calon utawi pendukungipun supados mboten nemen-nemen anggenipun sedih, mboten nemen-nemen anggenipun kecewa. Amargi, napa mawon ingkang kedados ing donya punika sampun mlampah cocog kaliyan takdir Allah SWT.

Maasyiral muslimin rakhimakumullah,

Rasulullah saw ugi sampun paring tuladha supados kita saged Ikhlas, kelebet Ridha nampi kasil Pilkada dinten punika. Piyambakipun kanjeng Nabi ngemutaken lebet hadits ingkang artosipun: “Njogoho (jagalah) Allah, niscaya Allah bakal njogo siro, Jogoho Allah niscaya bakal weruh Allah nang ngarepemu. Menawa siro nyuwun apa-apa njaluko marang Allah, menawa siro nyuwun pitulungan mula njaluko marang Allah.”

Sumangga kita jagi lan kita pastikan menawi Allah tetep lebeting manah kita. Sampun ngantos kita mboten rumaosi bilih Allah wonten lebeting manah kita. Sampun ngantos kita kesupen dhateng takdir Allah SWT.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait