Puja lan puji syukur namung kagem Allah semata, kaliyan limpahan nikmat lan karunia-ipun wonten enjing dinten ingkang endah menika, kita sami saged rawuh wonten ngriki kagem sami-sami menunaikan shalat Idul Fitri kaliyan berjama’ah.
Lan bab ingkang mboten kawon wigatosipun inggih menika senantiasa usaha nginggahaken iman lan taqwa kaliyan sakebak panggalih tanpa rumaos awrat sakedhika.
Mboten kesupen solawat lan salam sumangga kita ngonjukaken dhateng Nabi agung Muhammad SAW kaliyan keluwargi, sadherek lan para sahabatipun mugi-mugi wonten yaumil akhir mangke, kita sami ingkang rawuh wonten ngriki lan keluwargi ageng kita keparing syafa’at saking panjenenganipun. amin.
أَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Lantunan takbir tahmid lan tahlil kadosipun mancep dhateng panggalih kita sedaya, ngantos mboten kraos sadayaning soca berkaca-kaca malah waspa menika enggal sami dhawah.
Menika lah dinten bingah menika, dinten kemenangan kagem umat Islam ingkang sawulan kebak sampun bibar latihan ngendalikaken hawa nafsunipun, nahan luwe lan ngelak, letih lan lelah, kantuk lan emosionalipun.
Sedaya menika kita tindakaken kaliyan ikhlas tanpa rumaos kawraten sakedhika. Tamtu sedaya menika wonten dampak positif dhateng lebet ruhani lan jasmani kita ingkang nindakakenipun.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..