Mila wonten raos bingah piyambakan lan wonten tambahan aura lebet pasuryanipun. Aura punika dados salah setunggal tanda menawi pasa menika sampun bibar lan sukses. Mugi-mugi kita sami keparing predikat takwallah.
Tiyang-tiyang ingkang keparing predikat takwa saget ketingal sasampunipun wulan Ramadhan, wonten kathah peningkatan lebeting ngibadah, mbagusi ingdalem ibadah muamalah, lan utuh keyakinanipun dhateng allah, ajrih tindak lampah ingkang diharamkan Allah, ajrih matur menapa menapa ingkang dipun bendu Allah.
أَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Hadirin wal hadirot jama’ah shalat Idul Fitri ingkang dirahmati allah subhana wata’ala,
Kados biasanipun, sasampunipun kita sami wangsul dhateng dalem piyambak-piyambak kaliyan pinten-pinten hidangan jajan lan sanesipun, dipuntambah malih busana ingkang enggal. Mugi-mugi ing enjing dinten menika kita sami sampun dipun-ampuni sedaya dosa-dosa ingkang nate kita tindakaken, wangsul kados bayi ingkang enggal dilahiraken dhateng donya, putih resik tanpa wonten reget-reget dosa Amin ya-robbal alamin.
Wonten lebet setunggaling hadits, rasulullah shalallahu alaihiwas salam bersabda:
“(hakikat) wong kang menyambung silaturahmi iku dudu wong kang mbales kabecikan (karo kabecikan). Ananging, dheweke kang menawa silaturahmine pedhot, kebat-kebat (cepat-cepat) menyambung” (HR. Bukhari)
Wonten enjing dinten menika punapa taksih wonten ing antawis kita ingkang nyimpen bibit-bibit permusuhan, kebencian lan dendam kesumat?! Mungkin mawon kita wonten ing pihak ingkang leres, sawentawis tiyang kalawau ingkang kita benci, kita musuhi, mboten kita tegur sapa.
Malah kita mlengos utawi mboten purun ningali tiyang-tiyang ingkang nate ngelarani kita, memfitnah kita, mundhut hak kita, malah kita sumpah mboten badhe nate nyapa ngantos kiamat, utawi dumugi seda, amargi luapan kebencian kita ingkang sanget.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..