Materi Khutbah Idul Fitri Bikin Haru PDF: Merajut Benang Kusut, Menyambung Yang Terputus (Bahasa Jawa)

Gambar Ilustrasi silaturrahim
Gambar Ilustrasi silaturrahim

Bilih wonten antawis kita taksih wonten ingkang kados mekaten, ngertos mboten kita menawi hakikat nyambungaken tali silaturahim menika sanes kita nyambungaken tali silaturahim dhateng tiyang-tiyang ingkang sampun tindak sae dhateng kita, nanging ingkang dipunmaksud nyambungaken tali silaturahim inggih menika nyambungaken tangsul silaturahim ingkang nate terputus, taksih terputus, ingkang kita taksih sakit panggalih kalih tiyang kalawau amargi sedaya kelepatan ingkang nate diperbuat dhateng kita, kita taksih dendam kalih piyambake, kita taksih benci kalih piyambake, kita taksih mboten kersa nyapa ngantos dinten menika.

Amargi kita gadhah keyakinan ingkang salah dheweke sanes kula, ingkang ngawiti dheweke sanes kula, ingkang nyakiti panggalih dheweke sanes kula, kita ugi taksih berkeyakinan menawi harga dhiri langkung utami, ngantos-ngantos ingkang kagungan lepat sampun nyuwun pangapunten nanging kita mboten purun nyepunten demi mbela martabat, hatrga dhiri, keturunan, pendidikan lan kesugihan. Padahal allah sampun berfirman lebeting al Qur’an

Bacaan Lainnya

 وَاَحْسِنْ كَمَآ اَحْسَنَ اللّٰهُ اِلَيْكَ وَلَا تَبْغِ الْفَسَادَدَ فِى الْاَرْضِۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ الْمُفْسِدِيْنَ ۝٧٧

Artosipun: “Tumindak beciko (marang wong liya) koyo dene Allah wis tumindak becik marang siro kabeh lan aja siro tumindak ngerusak ing bumi. Sabenere Allah ora ndhemeni wong-wong kang tumindak kerusakan. (QS Al Qoshos 77)

أَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

Hadirin walhadirot jama’ah Idul Fitri ingkang dirahmati allah,

Estu sampun pertelo sanget menapa ingkang dipundhawuhaken Allah, kita dipun perintah tindak sae dhateng tiyang sanes sakepripun allah tindak sae dhateng kita.

Cobi kita renungaken sesarengan, tiyang-tiyang ingkang tansah tindak durhaka dhateng Allah, tansah nyakiti Allah, nanging Allah tetep paring rizki ingkang wiyar lan asih ingkang kados menika kathah, Allah tetep maringi pinten-pinten nikmat ingkang dipunbetahaken kawulanipun sanadyan durhaka keliwat wates.

Sawentawis kita?! Nembe difitnah, nembe disinggung, nembe dipunpundhut hakipun sakedhik, nembe dilecehkan sakedhik mawon sampun sakit manahipun, benci, dendam, lan pungkasanipun musuhan, mboten saling sapa bahkan ngantos tahun-tahunan.

Rosulullah salallahubalaihiwas salam bersabda

 مَا مِنْ ذَنْبٍ أَجْدَرُ أَنْ يُعَجِّلَ اللَّهُ تَعَالَى لِصَاحِبِهِ الْعُقُوبَةَ فِي الدُّنْيَا -مَعَ مَا يَدَّخِرُ لَهُ فِي الآخِرَةِ -مِثْلُ الْبَغْىِ وَقَطِيعَةِ الرَّحِمِ

Artosipun: “Ora ana dosa kang luwih pantes disegerakan balasane kanggo para pelakune ing donya bareng dosa kang disimpen kanggone ing akhirat tinimbang pegawean zalim lan memutus silaturahmi” (Hr Abu Daud).

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait