Khutbah Jumat PDF Setelah Ramadhan: Empat Hal Yang Harus Dijaga Hingga Ramadhan Tahun Depan (Bahasa Jawa)

Ilustrasi Shalat di Masjid
Ilustrasi Shalat di Masjid

اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِالْإِصْلَاحِ، وَحَثَّنَا عَلَى الصَّلَاحِ، وَبَيَّنَ لَنَا سُبُلَ الْفَلَاحِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُ اللهِ وَرَسُولُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ 

أَمَّا بَعْدُ: فَيَاَيُّهَا الإِخْوَان، أُوْصِيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللّٰه وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْن، قَالَ اللّٰه تَعَالَى فِي اْلقُرْانِ الْكَرِيْم: أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمَ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَانِ الرَّحِيْمَ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللّٰه وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللّٰهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا. وَقَالَ تَعَالَى: يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Bacaan Lainnya

Ma’asyiral Muslimin Rahimani Wa Rahimakumullah,

Sumangga lebeting kesempatan ingkang bingah menika, wonten dinten ingkang mulia menika, wonten sasi kemenangan menika, saha wonten papan ingkang paling mulia wonten pasuryan bumi menika, kita tingkataken ketakwaan kita dhateng Allah SWT. kaliyan nindakaken sedaya perintah-ipun lan nebihi sedaya larangan-ipun.

Amargi namung kaliyan takwalah kita badhe keparing kebahagian, keparing kamulyan wonten donya lan akhirat mangke.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Kita bersyukur sampun keparing nindakaken ibadah sawulan kebak wonten sasi ingkang mulia, inggih menika sasi Ramadhan. Mugi-mugi Allah nampi sedaya amal kesaenan kita wonten lebetipun, baik arupi siyam, qiyamul lail, qiraatil qur’an, shadaqah lan amalan ingkang sanesipun. Amiin ya-rabbal alamiin.

Kaliyan bibaripun Ramadhan sanes gadhah artos bibar ugi sedaya amalan kita. Sampun ndadosaken amalan Ramadhan namung dados amalan musiman. Sumangga kita jagi amalan-amalan ingkang sampun kita kulintenaken wonten sasi Ramadhan.

Lebet kaitan menika Syekh Muhammad Ibn ‘Umar Nawawi al-Bantani ngemutaken salah setunggal saking sedoso amaliah sunnah Ramadhan lebeting kitabipun nihâyah al-zain fî irsyâd al-mubtadi’in, inggih menika istiqamah lebet nindakaken amaliah Ramadhan lan nglajengaken amaliah-amaliah kasebat wonten wulan-wulan salajengipun.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait